BABAD GALUH II


PUPUH XXVI

P A N G K U R

– 01 –

La ya Nyi Indhang garjita, anjumbul-jumbul kaget tur sarwi nabda he sakoro kacung, Parwatali lawan Talibarat padha gujengana iku, Rara Lisni ingkang rosa, ambok kontal kenang thathit.

– 02 –

Ya ta Talibarat, Parwatali pansamya anggemeli, astane sang rara iku, dupi Nyi Brajarara, anggepeli rambute sing uluhipun, tan dangu kilat agemnya, talerep kilat lan thathit.

– 03 –

Gebyar-gebyar ora mendha, mapan kilat mancaroba nganan-ngering, maring ngarep maring pungkur, mingsor maring ngawiyat, dangu-dangu nuli medal gelapipun, gelap ingkang mancaroba, ting sariwik nganan-ngering.

– 04 –

Maring ngarep maring wuntat, maring dhuwur mingisor anjejeg bumi, dangu-dangunipun nuju maring Rara Lisni adan, babar pisan wedale jabang jalu, warnane suteja peglag, kakacae ika dadi.

– 05 –

Gelap nyenggrang namanira, ari[ari ika sampun dumadi, gelap sangyang wastanipun, pusere ingkang tigas, dadi gela nyawang ing paparab ipun, wus kadadiyan titiga, kapat maring jabang bayi.

– 06 –

Ya ta Prabu Ciyungwanara , cirak-cirak kalangkang suka ningali, kang canggah wus babar metu, ingkang marga lantaran, ingkang tulung Ingdhang Sakati ing mau, kang kina daluraning karsa, amiyosaken babayi.

– 07 –

Sang jabang ika kaangkat, linggih ratu dening sang prabu yoni, Ciyungwanara kang junjung, kalenggahaning canggah, pan sinebut Prabu Wastu parabipun, kasanson ing kulawarga, Pajajaran suka ngapti.

– 08 –

Aketuge sasahuran, wetan kulon padha aganti uni, tanopen wetan lor kidul, sawaraning Yang jagat, padha nakseni ingkang lilinggih ratu, ana ing rat Pajajaran, Prabu Wastu jabang bayi.

– 09 –

Tatapi ing karsanira, Ciyungwanara si jabang dipun imponi, piyambak ing Prabu Sepuh, ya ta samulur raja, ing Pakuwan ra timbul ingkang sasulur, akeh padha rena, amuji juragan aji.

– 10 –

Mila ika kang wong sanak, Prabu Ciyungwanara saking ngukir, rancakowek warni manuk, kang aran Gunung Krendha, kang pinangka pamong-monga Prabu Wastu, mrana-mrena atut wuntat, anjaga dhiri sang aji.

– 11 –

Prabu lare wus anyakra, menak pra kuwi sigar sawetaning, Pajajaran kaya mau, awit Cilutung ngetan, tatas maring Cipamali kang kawengku, dening Prabu Wastu purba wisesa Sundha negari.

– 12 –

Papatihe kang anama, patih Burung kandha nyatane paksi, kang juru pamong-mong wau, bisane anginger bala, mulane dadi papatih.

– 13 –

Tanggung-tanggung kang manusa, masih pinter kepati burung wiring, Tumenggunge kang sinebut, Tumenggung Natakriya, Pakuaji saking Cigasong punjul, bisa nginger pagaweyan, kang dadi anjugalani.

– 14 –

Tan Ki Demang Bantarpanjang, langkung bisa amutus kang prakawis, agawe enaking padu, angrampungi pradata, lan Ngabehi Sokapulang iya iku, ingkang jaga-jaga nagara, ngemiti pagusten aji.

– 15 –

Wus tan ana kakurangan, sinaroja gul menak kang Bopati, apa adating sang ratu, pinayungan para eyang, Parwatali angahu biwaya ipun, miwah eyang Talibarat, kang seghenge angampingi.

– 16 –

Ing turunan Pajajaran, kawuwuhan sadulur kang ngampingi, gelap nyawang Karangsembung, gelap Sangyang Talag, gelap senggreng kalangkeng pandengel wijung, kang padha raksa rumaksa, ing salinggih ing narpati.

– 17 –

Kocap praja Pajajaran, ora kena jaladhak ingkang wani, tan kena sathithik sigug, anuli ana gelap, tanpa sangkan mobat-mabit awor lisus, Parwatali Talibarat, giyuwan peteng lir wengi.

– 18 –

Sing asing aneranga, ing pantange Pajajaran dadak nuli, udan angin gelap tempuk, iya iku martabat, ya polahe Talibarat anempuh, Parwatali ngabar-abar, lan gelap nyawang nambungi.

– 19 –

Gelap sangyang sing jro toya, gelap senggreng garantang tanpa thathit, kaligane gumurubyuk, gumalendhang dharangdhangan, ya mulane den arani ingkang nebut, aki buyut Banyakgarantang, ila-ila kang pamuli.

– 20 –

Iku dadi patengeran, anak putu ingkang anyerang papali, nuli ngedhang para buyut, maring sobawanira, pramilane Pakuwan wanter pangaruh, mauk miber angambara, ngungkuli bawa dewaji.

– 21 –

Tangtu tiba kaju lina, turunan ratu anget sakalir titi, tan kena den idek iku, wawayangane nalendra, sing angidek dadi pincang dadi buntung, sing angidek Suramangkrak, dadi lumpuh dadi gering.

– 22 –

Ngayeg-ayeg kena tulah, Prabu Wastu Pajajaran mandi, supatane dadi tumpur, saanak putu nira, inkang kena padha upataning ratu, Prabu Wastu Ginotama, sinata ing dhewaji.

PUPUH XXVII

S I N O M

– 01 –

Prabu wastu Pajajaran, sedhengane olih rabi, saking anaking bramana, Susuk lampung ingkang nami, Ni Ratna Sekarati, kalangkung warnane ayu, warnaning kaendahan, tan ana ingkang mantari, kaya garwa sang nata ing Pajajaran.

– 02 –

Kalangkung ing kinasihan, ing sadaleming purati, linulutan ing sakula, parekan kang ageng alit, dening warnane abecik, patutuganipun arum, anglegakaken manah, sapolahe amantesi, gedhe cilik sadaya aturun marma.

– 03 –

Wedi asihing majikan, ora na sawalang kapti, jeng prameswari sakara, cirinipun den ingkedhi, ora ilok kathik, aresep saumur ipun, ya dadi ora bisa, anak-anak ing sasami, laminipun ora amiyosi putra.

– 04 –

Suwane Sri Naradhipa, dening datan miyos siwi, punika kang prameswara, tatamba ing ngenda-ngendi, daropan anganaki, parandene datan metu, anak maning yen iyaa, sabab kaliwating aking, pranakane Sang Dewi Sarkara ika.

– 05 –

Pirang-pirang tukang tamba, saking sabrang saking Jawi, kang seja naglelesena, pranakane ya Sang Dewi, weleh tan ana dadi, mundhak akingipun gempung, koncara lamon ika, ora idu ora yiyid, ora umbel ora duwe sulu mata.

– 06 –

Tan karinget tan kalalar, ora wadi ora mani, estuning bresih sarira, ora reseb ora mimis, marmanipun dumadi, lan amijil putranipun, Prabu Wastukalintang, wus boya anganaki, garwo malih garwo malih pon tan putra.

– 07 –

Ngalap garwa wadon ingkang, bebet manak istri saking, putrane Buyut Satohan, kalangkung dermaneki, sampun kagarwa puniku, ana ing Pajajaran, pinuju panenggek kang asri, salamine pon boya miyosi putra.

– 08 –

Kocap Ptih burungkrendha, angiwat putraning aji, saking pulo Tulangbawang, wau kang binakta dening, nama Encecalingcing, pun sampun wau akatur, dhateng sang prabu nata, ing Pakuwan sampun tampi, iya iku dadi purwakaning perang.

– 09 –

Ing besuk panusul ira, Tulangbawang maring Jawi, angused larining ilang, lawas-lawas katiliktik, anenggeh maring Jawi, tan ana roro tetelu, ingkang papati garudha, amung ing Sundha negari, ing marmane besuk karuru larinya.

– 10 –

Dupi samangke kalingan, durung gemet angilari, marmane ika wanodya, Ence Galingcing dumadi, garwa aji ing puri, Pajajran iya iku, kyan Patih Burungkrendha, kang nanggoi pati urip, sewakane dheweke kanggep ngawula.

– 11 –

Tiya cicirine ta sira ki Patih Burung ya dening, karya laku ngiwat-iwat, kale wadon duwe laki, kangkat wani angambil, kanggo babakti ing ratu, ngiseni ika kewan, nuli ana arti nisip, gawe ora arju mungguhing dewa.

– 12 –

Wang ing sakala samana, ora nana una uni, Prabu Wastu ing Pakuwan, pon kagarwa tan mijil, putrane gabug maning, garwa tetelu tan sunu, nuli malih gagarwa, kang minangka maha dewi, wadon saking Luwiliyang kang anama.

– 13 –

Sariandilep kang nama, putraning Buyut Gunggirik, pan mangkana pinet garwa, ya iku pan gabug maning, tan ana medal siwi, kasawung ing pegat turun, atuwin ana anelang, kang dudu waris ing aji, ya wis ngijir gadhang kaselang susupan.

– 14 –

Marga peteng kang anyelang, apindah-pindah turuning, rati ing Pajajaran, satemene susupan ing bramana mangko gadhang kacatur, nuli sang nata garwa, malih kang pinangka dadi, pameswari iku wadon saking kubang.

– 15 –

Putrane ki Cupangcapra, nami Nyi Carananggolis, panendhi ratu Pakuwan, iya dadi gabug maning, ora na kang mijili, garwa sakali manipun, garwa lima kapadhan, gabuge tan ana mijil, ing aputra gawoke wong Pajajaran.

– 16 –

Prabu Wastu nuli ngalap, selir kawandasa sisi, winangking sadaya nira, tan nana medali siwi, agabug sadayaning, rinebak-tebak asuwung, tan ana gumentasa, ing dos wiji-sawiji, ngajah padha mathem wijil gembyung.

– 17 –

Wondening arjaning pura, ora nana kaya iki, Prabu Wastu mulat bisa, ambabar danawa wangi, salamine ngratoni, wis windon takeran tahun, lami-lami kang garwa prameswari Sarkarati, langkung sadarga dening tan kagungan putra.

– 18 –

Lalu buwang-buwang raga, mikiri punthes ing aji, dadya pamitan sing kana, sing ngarsane Sri Bupati, ora anggandol sami, rama ajar Sususklampung, tumulung darbeya siwi, Prabu Wastu pan andulur ing garwa.

PUPUH XXVIII

KINANTHI

– 01 –

Dadining sang Prabu wastu, ing lilani prameswari, entare saking Pakuwan, sebab wis ora na maning, garwa ingkang kinasihan, mung garwa aji Calingcing.

– 02 –

Asal Tualangbawang wau, kang dipun abet ing ati, anggepe sang nata endra, bubar kabeh para rabi, sok aja Calingcing ratna, kang dadi rasaning ati.

– 03 –

Gabug-gabug pan kapuhung, sakabeh tan amutrani, sang nata pijer kakenan, ing dhesthi ratna Calingcing, sakathah ing para garwa, lan ana ketang katolih.

– 04 –

Amung kang den tunggu pupuk, iya nyi Rara Calingcing, estu kangge ing akrama, rimbitan sawengi-wengi, pepedhang sadina-dina, angrasa dadging sagelih.

– 05 –

Sigegen kang dhesthi lulut, kocap nyi Sarkarati, medheke maring kang rama, bramana Susuk pinundhi, panuhun reka pandaya, dra pon dheweke si siwi.

– 06 –

Ki Bramana wuwusipun, ya toli kapremen si toli akale si bapa, ora na kang miyatani, toli kapremen tala, budine si bapa iki.

– 07 –

Kajapa ingkang panedhu, kang usada warni-warni, ing sabisa-bisaningwang, angupaya apa maning, mider kenges sun salaksak, ora na kang miyatani.

– 08 –

Kang luwih punjul sing isun, supondaya amaringi, ora kaya tan tumama, toli kapremen maning, pandaya misunwis cekap, cupet cempole ing budi.

– 09 –

Ratna sarkarati muwus, rama kula jaluk mati, yen boten medal putra, jaluk mati sapuniki, sumangga den pejahana, dening jeng rama ing ngriki.

– 10 –

Kula boten ajeng mantuk, dateng Pajajaran malih, yen boten badhe pikangsal, awak kula langkung isin, dhateng maru-maru kula, kasuhur ngilari jampi.

– 11 –

Nunten kula mantukipun, kalowos tan angsal kardi, sumangga jeng rama amanah, Bramana Sususk mangsuli, babu nini ya ta iya, si bapa pon milu isin.

– 12 –

Ora kaya yen isun, bebeg dheng wis sumpel ati, toli kapremen iya, ambri dadalaning ngoli, kaya pasakarep ira, sira gelisa pepecil.

– 13 –

Ratna Sarkara agupuh, tegane wis sangu keris, arahe suduk sarira, dupi katingalan dening, ki Bramana Sususk enggal keris den candak tumuli.

– 14 –

Basane jalukan isun, ingkang mati labuh geni, babu nini aja sira, sira salameta urip, sarta aduwea anak, benjang ing sawuri mami.

– 15 –

Ya ta bramana awangun, tumangan geni wus dadi, adan enggal linebonan, bramana wus dadi api, wus dadi apu dahana, dimane ikang nyurupi.

– 16 –

Dhateng guwagarbanipun, Sarkara dadi garbini, malembung wadharan ira, dupi ginarayangaken dening, dhukun anyata bocah, berage nyi Sarkarati.

– 17 –

Adan gupuh enggal mantuk, ing Pajajaran wus isi, anjeblung punang wadharan, sasambate prameswari, yen rumihin sacombana, lawan Prabu wastu nuli.

– 18 –

Kula kesah ruru dhukun, inggih laksana pakolih, dhukun sakti mandraguna, dugi kula meteng mangkin, puniki ingkang yumana, ucaping dhukun pawestri.

– 19 –

Kang grayang inggih estu, inggih isi jabang bayi, Prabu Wastu angandika, subagjane estu yakti, mangko yen manjing itungan, sangang wulan duk sarasmi.

– 20 –

Tya estu anak isun, nanging yen angliwat saking sangang wulan duking bendra, iya dudu anak mami, nyata iku olihira, ruru lanang liyan maning.

– 21 –

Prameswari agegetun, maras bok angliwati, ing sasiye bebeleyan, salamine ketar-ketir, bekeng temah iya liwat, dugi maring rolas sasi.

– 22 –

Ya ta ika Prabu Wastu, kalangkung sengit kapati, tan karsa angaken putra, kang garwa den tudhung wani, samono Dewi Sarkara, sedheng tandang karsa nyingkir.

– 23 –

Kesahipun saking riku, kang jabang kinempit ingindhit, mantuk maring lampung karsa, Prabu Sepuh liwat luwi, masa kakena ing manah, ningali warengka sesi.

– 24 –

Sangsaya ing pulo Lampung, Ciyungwanara nimbali, ming pancalima Pakuwan, Talibarat Parwatali, Gelapnyawang gelapsangyang, gelapnyenggreng kinen sami.

– 25 –

Jaga aneng pulo Lampung, jabang bayi wareng mami, ya ta ika pancalima, samya ing Lampung ngabuhi, dadya tilar Pajajaran, angraksa jabang narpati.

– 26 –

Nulak sagung bala ripu, ing Lampung rahayu urip, Dewi Sarkara buwana, ing kana nuli angimpi, kapanggih lawan kang rama, bramana Lampung nuturi.

– 27 –

Saryakaruna lingipun, adhuh gudhi anak mami, anandhang lara katimpal, kang gondhol si jabang bayi, si jabang sira sun puja, angreha Sundha negari.

– 28 –

Aranana jabang iku, dening ingkang nyambat asih, aranana Sususktunggal, cacaloning wong abecik, yen tuwaa besuk bagja, muktine tinemu kari.

– 29 –

Wusing mangkana awungu, emut wawangkiding ngimpi, jabang lunta ingaranana, Susuktunggal kang nami, pinayungan pancalima, yan mini moyang gaib.

PUPUH XXIX

ASMARADANA

– 01 –

Duk kang yuswane sang jati, jejeging sadasa warsa, adhemiwit arti budine, alusma barang laksana, tan pati guling dhahar, karemane angalenthung, ing pasisir kidul ika.

– 02 –

Wus awor lawan dhedhemit, satingkah polah limunan, wis tan karungu wartane, nanging ika pancalima, but buri amayungan, sagenahe Jaka Susuk, pancalima momong lampah.

– 03 –

Talibarat Parwatali, Gelapnyawang Gelapsangyang, Gelapsenggreng salabehe, kabeh padha rumaksa, maring sang Susuktunggal, ana ing lautan kidul, ombak-umbul ing sagara.

– 04 –

Ing karang kang sigreng sungil, karemene kumarasan, tumuli ana esihe, nyi Gedheng Rarasiluman, maring kang Sususktunggal, ing kana den gawe mantu, pinanggihaken kaliyan,

– 05 –

Putrine ingkang anami, nyi Rara Mutiyalarang, sampun campa kramane, ana ing tenjolayaran, ing jagad alimunan, denuri-uri den ruru, denira para jawata.

– 06 –

Sigegen kang amor dhemit, kocap kang aneng Pakuwan, Prabu Wastu sajengkare, genya anyakra buwana, amurba amisesa, Burungkrendha patihipun, andel-andele sang nata.

– 07 –

Datan antara ing lami, panusuling Tulangbawang, Kaka Ramana jenenge, sabrang dadi adat buta, padha doyan manusa, belung kapal bulanipun, wus bancik ing Pajajaran.

– 08 –

Seja angrebat sang putri, Ratna Calingcing ing kuna, muwah deniwat dhingine, dening patih Burungkrendha, seja mangko denrebat, sang putri seja mangko denrebat, sang putri seja denjuput, kangiwat seja denrusak.

– 09 –

Patih Burungkrendha aglis, amampak maring payudan, angintaraken balane, ya ta dadya ingkang perang, bala ayun-ayunan, wus pinten ing laminipun, genya angrok bandawasa.

– 10 –

Long-linongan akeh mati, adan bala Pajajaran, kundur kapereg lagane, kadya ta bala wanara, kabareg dening buta, pating burisat lumayu, kapereg ing bala buta.

– 11 –

Patih Burungkrendha mijil, ing gelar angudi lawan, bala sabrang kondur kabeh, ingamuk ing patih ika, kadya garudha meta, nalampek naladhung nucuk, nyoker musuh padha bubar.

– 12 –

Adan lakining Calingcing, kang nama Betyawelara, mapagaken pangamuke, Patih Krendha wus den jragang, kuwel amagelutan, jejeg-jinejeg apalu, pinalu balang-binalang.

– 13 –

Angentongaken tanagi, genya ajojo brawasa, pirang-pirang dina gone, tarung nuli ana ingkang, asore Betyawelara, den thothol jajantungipun, katarik ming jaba pejah.

– 14 –

Betyawelara wus mati, ngajejar kang angga murca, pareng katingal pejahe, Betyawelara denira, ki Patih Burungkrendha, adan mara sepuhipun, kan nana kakarawan.

– 15 –

Andik muntab ambeledig, maring ki Patih punika, dipun jambak jambule, Patih Burung wus anglenggak, kataring ing rawana, den idek jalune iku, Patih Krendha gulu pegat.

– 16 –

Kang endhas sigra tumuli, den balangaken alepas, muluk mesat dan tibane, ngayunan Ciyungwanara, kaget sang nata wendra, ningali endhasing Burung, baledug ing ngarsa nata.

– 17 –

Ciyungwanara angarti, den kapepes ing ngalaga, adan pratignya wiyange, sagarwa sakulawarga, ngili ngidul miruda, ngingisik sagara kidul, apaladara susupan.

– 18 –

Sarya sira anglalari, wareng nata ingkang nama, Susuktunggal re sajege, Talibarat ora nana, Parwatali muwah ingkang, Gelapnyawang Gelapsenggreng, Gelapsangyang iya tunggal.

– 19 –

Ing praja akeh kang wani, lan sakehe kabuyutan, dadi padha cama kabeh, padha asirna guriyang, puruge wareng sang Susuk, munggwaika pinanggiha.

– 20 –

Yen pinanggih Sususktunggal, kangtu tinemu sadaya, pancalima sadhapure, mamane Ciyungwanara, milane analasak, esmu rada kaduhung, anitah ing pancalima.

– 21 –

Angemonga Susuktunggil, tan kawarna kang susupan, kocap ika sang katong, Prabu Wastu Pajajaran, kadhesek ing prawira, kadhesk den ira jemur, den kepung wakul kodagan.

– 22 –

Wong Kaka Rawana wani, mrepegi pura nata, prajurit pakuwan saseg, bubar larut kumagilan, lelewaning wog Tulang, najis kangginawe punglu, camedhar lan tahi jalma.

– 23 –

Siniratan uyuh anjing, cocoratan atawa pongpa, lir udan deres tibane, ya ta wong dhatulaya, Prabu Wastu sagarwa, sadaya pan sami larut, bubar lorode mengetan.

– 24 –

Dewi Calingcing tan kari, binakta dhateng kang raka, sigra andarung lampahe, Prabu Wastu ika sarya, anyangking sada lanang, ngentep ngetan sigra rawuh, ing pinggir Sangyang Talaga.

– 25 –

Kang gamilang-gilang wening, dinamai Cahierang, adan sineblak toyane, lawan ingkang sada lanang, banyu sigra dumadya, jagat buwana kadulu, kang sejen sing jagat dharat.

– 26 –

Prabu Wastu karo rabi, nyi Calingcing muwah bala, warga sakabeh kang dherek, padha nang dhasar talaga, iku sadayanira, adadalem ing jro banyu, sabata lawan sileman.

PUPUH XXX

M I J I L

– 01 –

Kang na dharat datan bisa uning, ing jagating kono, ya wis dadi kaya merad bae, sabab uwise ora balik maning, lan ora kapanggih, lan ora na kang weruh.

– 02 –

Ya Sang Prabu wus sirna alalis, dupi sri kadhaton, wus jinabel dening musuhe, Kaka Rawana angadeg aji, ing Pakuwan nami, iki pan jumeneng ratu.

– 03 –

Ya Sang Prabu Kaka Rawana nami, paneleng ing katong, pan jumeneng Prabu Karadhatang nengge, ora nana wani mantari, ing sa Sundha sami, sadaya anungkul.

– 04 –

Anut maring prabu anyar mangkin, Prabu Tulangtogmol, pugas brangas ala atine, tan kagungan basarang-saring, yen karsane mangkin, tan kena sinundhul.

– 05 –

Yen wus karep kaya lare alit, kudu bae dados, ora kena den semayanane, datan kena sinundhul aturaning, bener luput mesthi, tan kena winurung.

– 06 –

Ingkang denkait budi ngarani, doyan main mabok, la yen mabok dadi kamungguhane, tor-toran anginum sopi, dadi amuwuhi, keras akalipun.

– 07 –

Demen mapan ingkang yoni-yoni, candhi-candhi entong, akrh gempur kapur atine, kabuyutan tapakaning wasi, akeh den padhangi, ingkang singub-singub.

– 08 –

Ya Sang Prabu Kaka radha bang madhig-dhig, sajamaneng kono, wong Tulang Minadho enggene, arubungan ing Sundha negari, padha atut buni, ing pagusten isun.

– 09 –

Pareng angsal windu lami, kawarnaa sang katong, Ciyungwanara ngilari warenge, ya angluru ing tasik pasisir, kang pinuja timbul malih, angrebat warisipun.

– 10 –

Kang samangko kang kacekel maring ratu anyar othon, Raden Susuk ingkang sayaktos, pan den jejep ing tingal dhemit, marono ambuneki, Ciyungwanara ngidul.

– 11 –

Ana ganda ingkang samariwing, saliwer marono, Talibarat lan Parwataline, pan ya iku tetengering Sususktunggal, swara kang tan pangling, Gelapnyawang Gelaptanjung.

– 12 –

Gelapnyenggreng dadya ika sang aji, Ciyungwanara gatos, ngidul ngingisik jaladri pinggire, sarya ngobong ukup mangkin, ing pinggir kikisik, ager sagalugu.

– 13 –

Pan kumutug ing ngarsane aji, ing watukiliyong, Prabu Ciyung pan kukudhung putih reke, belenging manah ora nakali, kang wareng den puji, awan benginipun.

– 14 –

Angembaa ratua tumuli, tan suwe agantos, Talibarat Parwatali praptane, lan galudhug saya seru swaraning, Gelapnyawang Gelapsangyang sami, Gelapnyenggreng karungu.

– 15 –

Ngener cipta tan ana kakalih, panter pamandheng ingong, kan den esthi kuwareng, meeng wareng Raden Susuktunggal, kang dadi raosing ati, gelis amora wong iku.

– 16 –

Aja lunta awor lan gelis, krana ingsun dan raton, kang ngimponi sapalayake, lan sumadi si wong kang duweni, dudu turuning waris, ing sadanguning nedhu.

– 17 –

Kawarnaa kang aneng dalem dherit, Raden Susuk mangko, kala iku mambu ukup gandane, ngendhel ora mari-mari, angabdi tanpa uwis, raden denya sewot-ewot.

– 18 –

Manah pikir karsa padhaning jalmi, manah kadya rontog, kudu eling ing jagat maune, dadya pamitan tumuli, wau waheng garwaneki, isup arep titilik ibu.

– 19 –

Mubya ya larang amangsuli aris, ya sok aja lali maringong, krana kula pan lagya abobot, benggi pareng si jabang dumadi, lahir jabang bayi, aja ora ing takut.

– 20 –

Krana ingkang kang uwis lumari, wong lanang tinggal wadon, tinggal rabi meteng tambu besuke, pareng lahir takon bapa tumuli, bawaning wong wis mukti, tan ngaku olihipun.

– 21 –

Ta kang uku panjaluk isun iki, raden nabda tan samono, ya manawa ora lali-lali bae, den pracaya kranane iku nini, teka upama benjing, yen cidra awuwus.

– 22 –

Ingkang ujar isun kang sayakti, munggwa amlesa katengong, aja timbul iku ing dadine, sumpah isun kang satuhuning, ya ta mutwa larang asri, suka manah ipun.

– 23 –

Agles Raden Susuktunggal pamit, ing mratuwa nembah panor, nyai Gedheng Rarasiluman nabdane, ika mapan wus anglilani, mung pohon rabi, aja lawas ya ki mantu.

– 24 –

Ya yen eling maring ngalelek rabi, apa maning maring ngong, Raden Susuk anembah adan linge, sandika karsa jeng ibu apti, pamuji-puji jati, tulus lampah wangsul.

– 25 –

Ingalingan dening ingkang gaib iki, pancalima ting pancorni, Gelapnyawang tan udan tekane, galudhug grantang widi narpati, Gelapsangyang nyuwong warih, Gelapnyenggreng badhengel wijung.

– 26 –

Parwatali ulur-ulur apti, Talibarat kang ngramon, lampahipun Susuktunggal nengge, medal saking kayanganneki, angambah karang kisik, ora na liyan kadulu.

– 27 –

Ingkang eyang Ciyungwanara aji, ingkang sumedi kono, Raden Susuk wus awas tingale, atatanya ya iku maring, Gelapnyawang la iku kaki, iku sapa kang kukudhung.

– 28 –

Nyandhing ukup sarta asamedi, Gelapnyawang tinon, yaktose Pajajaran punika prajane, luhur kita punika sang aji, Ciyungwanara pinundhi, tulung sadarganing kalbu.

– 29 –

Inggih payu kita pedheki, ya ta gugu panor, asowara dan sang nata manhe, rena-rena ningali kulebating, kang wareng medheki, ….ian anuli rinangkul.

– 30 –

Angandika subagja ta kaki, sira kang sun seja panon, kang sun ucap ing adi panewune, pan ya sira age-age ngambil, kraton Pakuaji, agemen ing wareng isun.

PUPUH XXXI

D U R M A

– 01 –

Ramanira Prabu wastu wus kokalan sirna alalu lalis, merad sejen alam, purane den wasesa, dening nelendra serani, ambeg nakoda, Prabu Kakaratandhi.

– 02 –

Ya wus ilang palakarta ratu Sundha, kaganti budi srani, sakeh kang malumah, dadi kumureb rebah, kang mangko dadi, padha malumah, estu basmi negari.

– 03 –

Ya kaduga manira apaladara, jawane sun anyingkir, kumanyang nganingwang, pinanggih lawan sira, sayogya sira kang mangkin, ngrebut nagara, pusakane kang dhingin.

– 04 –

Pareng sira Prabu Sepuh angandika, Raden Susuk matur inggih, minanten barkah eyang, sigra mangkat padha, amedheki kang nagari, praja Pakuwan, padha mayan dumadi.

– 05 –

Datan apa menenge galudhug obah, lindhu rat lir ginongjing, sadina ping sanga, mayeng ing sabandina, sabenbengi wanti-wanti, galudug ing arga, sabandina nguneni.

– 06 –

Ing jro gunung gumledhug jumegur obah, lor kidul ganti muni, akeh gunung kobar, maludhaging walirang, ulur-ulur nganan ngering, akeh kang rebah, basmi kaosak-asik.

– 07 –

Kasusulan datan mendha gelap ngampar, ingkang pating sariwik, akeh padha rusak, kang sinamber dening gelap, Prabu Rawana age ris, tumon so bawa, gara-gara nempuh.

– 08 –

Ya sang Prabu Kaka Rawana awiyang, ngili marang jagat lami, ge ris ing sangara, gara-gara ing nagara, Pakuwan anggege risi, wong Tulangbawang, bubar dhewek tan sudi.

– 09 –

Datan sudi jeneg aneng Sundha layang, bubar buyung kang kari, wong Sundhane kuna, jar jagate priyangga, gawoke para bupati, para gul menak, tumon widagda aji.

– 10 –

Bumi Sundha bisa nundhung kang anelang, tan susah den perangi, abubar priyangga, wiyange saking Sundha, tan urusan bubar neki, wis tan krasan, aneng Sundha negari.

– 11 –

Raden Susuk iku angruru pusaka, ing rat Sundha nagri, tan lami punika, rawuhe Susuktunggal, prabu sepuh kang angiring, anjaya-jaya, linggihe wareng aji.

– 12 –

Inggistrenan ngadeg Nata Pajajaran, katelahe sang aji, Prabu Susuktunggal, kasaksen ing gul menak, padha sinuhuran dening, ketung kang swara, gumarang ing sabumi.

– 13 –

Kang nakseni ngadeg Ratu Pajajaran, kan nami Susuktunggil, sampun sinaroja, ing adi kulawarga, Pajajaran jengger malih, kadi duk kuna, adat Sundha negari.

– 14 –

Prabu Ciyungwanara kang jaya-jaya, pinudhung ing sagunging, Talibarat nama, Parwatali miwah, Gelapnyawang Gelapnyenggrang, lan Gelapsangyang, ingkang padha angaugi.

– 15 –

Salinggihe sang Prabu Susuktunggal, angsal panglima luwih, sasat sinung nama, Patih Dhuyunglanangan, sugih kasekten lan bangkit, ing pagaweyan, nginger kawula alit.

– 16 –

Sasamine kaya Patih Gajahmada, kang aneng Majapahit, yen ing Pajajaran, kang nama Dhuyunglanangan, ora nana kang mantari, sarwaning bisa, amarigel ing nagari.

– 17 –

Emban-emban sang ratu kang nama, kang dadi sorog wedhi, ya iku kang nama, Ki Tumenggung Ulungdaya, kang sagawe ngratajani, murwa pakaryan, ambeciki ing nagari.

– 18 –

Pajaksane duk samono kademangan, Demang Cimancurluwi, akeh akalnya, pamagutan pradata, ora kewuhan ing udi, dados pakeca, ing manah sri bupati.

– 19 –

Lan kang nama ki Ngabehi Sujimara, ingkang jaba negari, kang langlang buwana, anulak bala wita, kapracaya ing sang aji, sakalir karya, kang dadya mikenaki.

– 20 –

Prabu Susuk waktu duk sakala samana, sanak medhoke sami, iku dalem ingkang, ing Sindhangkasih praja, sang maha dalem japati, kang kinawratan, dening prabu Susuktunggal.

– 21 –

Kumarasan ing Sindhangkasih praja, karanane sang aji, wus angsal supna, yen gadhange ing benjang, ing kono enggone lalis, purwane amerad, amblese maring bumi.

– 22 –

Ya ing bumi Sindhangkasih marmanira, anyawang-nyawang warni, malawat katingal, lolomponganing jagat, kang aneng dhasaring bumi, sampung kalawang, mula sang prabu ngarti.

– 23 –

Tya iku enggon gadhang palincakan, enggenipun angalih, jagat kang babasan, kewala pan ora pejah, salin nagara kang lantip, ingkang asirna, ingkang mingkali kardi.

– 24 –

Pan sawulan sapisan sang Susuktunggal, nginep ing Sindhangkasih, kawangun pura nata, mangkana ing karsanira, ing wong sanak Sindhangkasih, nawang susirna, bali dalem japati.

– 25 –

Dadya suka ki dalem japati ika, rehing den kulinani, dening pamajikan, dening rejanipun, kang cacangkok Sindhangkasih, kadya nagara, yen kalingihan sang aji.

PUPUH XXXII

L A D R A N G

– 01 –

Pan kaloka Prabu Susuk nyakrawati, prameswara putri saking Sindhangkasih, ……………… paparab.

– 02 –

Garwa maning pula ……. raja Galuh nami, Kawularang …………… ing, Karanglopang kang nami nyi An ……….. hang.

– 03 –

Maha dewine pawestri sasl saking Sokapura, kang nama nyi Luwilingling, dewi mature asal saking Pasirpanjang.

– 04 –

Ingkang nami Dewi Simbarinten becik pinusthika, lilima saya lempuri, pan riniyang para ………………………………..

– 05 –

Ya wus apa kaya adat dewa aji, ya rinengga, ing sagenahe alinggih, pan riniyung ing para gegedhen sadaya.

– 06 –

Tan kawarna enggene amukti sari atahunan, kocapa garwa ing dhemit, ingkang wau tinilar tasik lamunan.

– 07 –

Mapan dewi Mutyalarang ang garbini, wus babar, putra jalu warna pekik, pinaparab Raden Anggalarang kwosa.

– 08 –

Wus aprajaka ika tatakon sunarmi winangsulan, bapanira iku aji, Susuktunggal kang mengkoni Pajajaran.

– 09 –

Anggalarang aturipun ibu amit sedya kula, amedheg ing rama aji, ara ngunjung ing rama dhateng Pakuwan.

– 10 –

Mutyalarang sabdane arum manis, isun melang, bok sira den pitambuni, nuli sira ing kana tan aku anak.

– 11 –

Nuli sira dentortalan baya pati, isun melang, denlara den pateni, katongsone isun welas maring sira.

– 12 –

Anggalarang atur sembah ibu inggih ananacak, inggih coba kentasa, ya dumadak yen boten ingaken ing nama.

– 13 –

Inggih saya jeng rama kula perangi, kang saingga, jemg rama angaken siwi, ainggih kula mantuni digdaya pancas.

– 14 –

Ya sang dewi Mutyalarang ngandika ris, mung ta sira, juwala apa wong siji, arep bedhah ing kuthaning Pajajran.

– 15 –

Mandadene den ucap kaya wong baring tangtu sira, ing kana den waskithani, kadya meres ujare kang amaskitha.

– 16 –

Raden Anggalarang ya matur boten sanggi, anggep kula, galethuk batu kacebur cai, bagja cilaka ya kantun punapa karsa.

– 17 –

Amung ibu pamujane kang sun pundhi, sarya wiyang, lampahe ngatut ing warih, buwal-buwal mijil sing dhasar jaladri.

– 18 –

Tunta ngambang dewa mambang kang angiring, jin prayangan, mara jabang Kaljurig, inton-inton memedi kanthung bragola.

– 19 –

Awor ombak anggebyug maring kikisik karang braja, angancik ingukir curi, pan anjeneng tan dangu siliran prapta.

– 20 –

Angin wayah sumilir ika dumugi Pajajaran, calengep kali riringgit, ngayune sang prabu Susuktunggal.

– 21 –

Sambat-sambant wonten pundi rama aji Susuktunggal, punika rama pribadi, kandikane si ibu yen tutur kandha.

– 22 –

Pramilane kawula sumeja ngapti ana labda, kamawula ing sudarmi, nunut aub ingaken putra sasmata.

– 23 –

Kapiyarsa denira wau sang Patih Dhuyunglanang, Anggalarang dipun tarik, dipun wasuh pinanjingaken panjara.

– 24 –

Anggalarang den surak bocah kangingsir sumantana, angaku putraning aji, gampang-gampang si monyet si tambewara.

– 25 –

Pinanjara watarane danguneki sapangedang, calengep ing ngarsa malih, samya geer la yen ana bocah setan.

– 26 –

Den panjara ya bisa muncul pribadi ora wruha, dewa mambang kang nguculi, jin prayangan kang gagandhi lampahira.

– 27 –

Kalajurig ingkang padha ngiring-ngiring adan tandang, Ki Tumemnggung Ulungangin, ya cinandhak Anggalarang wus pinala.

– 28 –

Den panjara maning kirane watawis sapangedang, calengep ing ngarsa aji, gegering wong Pajajaran kumangilan.

– 29 –

Lamon ika ya nyata bocah dhedhemit ora wruha, inton-inton kang nguculi, ya memedi bragola kang raksa-raksa.

– 30 –

Maha raja Bangbangan ingkang mayungi adan tandang, Demang Cimancur anarik, iku maring Anggalarang den galandhang.

– 31 –

Kira-kira iku maning sawatawis sapangedang, calengap ngarsa aji, surak ing wong Pajajaran nyata setan.

– 32 –

Ya siluman tasik kidul boluwarti ora wruha, Buyut Cai kang nguculi, Buyut Angin kang ngiring-ngiring kang ajaga.

– 33 –

Sangyang Limun kang tut buri amayungi mula arja, Anggalarang irus ing jati, Pajajaran padha tambuhing kang putra.

– 34 –

Panginane wong sadaya iku maring Anggalang, belis guguris nyaithis, pan luluthu bangsat ngaku anak raja.

– 35 –

Lamun tulus ingaku paniya dadi olih praja, atawa cacangkok siwi, iku nyata buktine ing paneluhan.

– 36 –

Ambalentuk anyolong ing si narpati mula ika, kudu kang awas ing dhemit, belis guris angibur-ibur ing praja.

– 37 –

Ya jaganen iku saolih-olih maring ratu, dhiri pagusten narpati, aja padha den ganggangi iku bocah.

PUPUH XXXIII

P U C U N G

– 01 –

Prabu Susuk wau pangandikanipun, he Dhuyunglanang, obongen la iku lare, yen tan geseng ya iku ta anak ingwang.

– 02 –

Ya ki Patih sigra tumandang agupuh, amariyat karya, tumanganing geni gedhe, wusing dadi Anggalarang den sangsara.

– 03 –

Pan rinate wesi pinanthokan kukuh, papathoke tosan, ing sajroning geni gedhe, pan darapon aja bisa lunga-lunga.

– 04 –

Kang tumangan denesep kalawan eduh, siniraman lenga, denepri darapon menter, den sinulud kang geni ya wus maludag.

– 05 –

Purubipun pan ora kalawan kayu, ana ing tampingan, ing Gunung Galungung genahe, wanter munjuk urub kadi angambara.

– 06 –

Sapangedang langkung pagedering urub, surak wong Pakuwan, Anggalarang den samangke, pan wus dadi awu aneng jro dahana.

– 07 –

Ora suwe kaligane iku muncul, nalengep ngayunan, anjum andhingkul padane, matur nembah amalampah den akuwa.

– 08 –

Den akuwa piyambake raja sunu, Prabu Susuktunggal, kandikane iya mengko, pisan maning iku ing panacak ingwang.

– 09 –

He Tumenggung Ulungdhaya dene gupuh, iki Anggalarang, kawurana ing angin gedhe, la den ora kawur nyata anak ingwang.

– 10 –

Ki Tumenggung asigra tandang agupuh, gawe lalayangan, kagila-gila gedhene, patang puluh pasagi sampun prayatna.

– 11 –

Tataline jenget ing sambadanipun, ya ta wus sadiya, Ki Tumenggung sakancane, ambeneri angin ngulon santer pisan.

– 12 –

Anggalarang wus den baleni akukuh, ana ing lalanang, ing layangan wus rinekep, nuli sira lalayangan pan den ajar.

– 13 –

Keplas munjuk lalayangan munjuk dhuwur, ika Anggalarang, munjuk kagawang abure, duga silep cat katon ya cat ora.

– 14 –

Wus ing menit ngadeg saka dipun dudut, den culaken enggal, kawur mumbule mengulon, kethip-kethip kagawa dening siliran.

– 15 –

Duga ngulon watara ngungkuli laut, ing gagaranira, ana ing sagara kulon, surake wong Pakuwan yen Anggalarang.

– 16 –

Ya wus ilang tuture kagawa abur, ingkang lalayangan, wus ora kawruhan tibane, ya taksire kaya nyabrang pulo liyan.

– 17 –

Pan sing ngendi bisane awangsul iku, bahi nate lepas, ora karawuhan ruruhe, iku bareng sapangedang nuli prapta.

– 18 –

Anggalarang calengkep wus aneng ngayun, nanging Susuktunggal, wus anembah ing ramane, iki bocah tegane ya sira delap.

– 19 –

Lawan mengko pisan maning panacakipun, sandhangen denira, pandadara isun gedhe, Kyai Demang Cimancur la iki bocah.

– 20 –

La ukumen ing kali manengteng iku, petilasan kuna, Cisanggarung kayaktene, pan dumadak ora mati kalem boya.

– 21 –

Tya tangtu sun aku anak dening sun, iya Demang Tandang, Anggalarang wus den rante, pan ginawa ngetan binuwang ing toya.

– 22 –

Aneng banyu den bandhuli kalawan watu, sakebo ya rapona, aja bisa kambang mangka, Anggalarang wus silep kalem ing toya.

– 23 –

Sarta sira den susuli maning watu, ingkang salulumpang, sakebo tuwin sagudel, kang salumbung darapon angurugana.

– 24 –

Aja bisa timbul kang den ekum mau, nyatane ki Demang, kaya ora pindho gawe, laksanane gawene ngemban timbalan.

– 25 –

Ya sabedhug salingsir ora na timbul, den nyana wus sirna, adan den tinggal wangsule, dhateng gusti Pajajaran tur uninga.

– 26 –

Wus laksana pakaryane la ta iku, masih anang marga, ing Pajajaran ya tegane, Anggalarang wis katemu ing ngayunan.

– 27 –

Wus anembah ana ngayunan sang prabu, Susuktunggal nabda, ya pugas delap si monyet, Angabehi Sujimara kari sira.

– 28 –

Iku bocah pendhemen kang jro asiluk, aneng tegal uwar, kang yatna angurugane, kang dumadak bisa balik ing Pakuwan.

– 29 –

Nadya isun aku anak bocah iku, ya ta kang dinukang, ngabehi gupuh tandange, pan tinarik Anggalarang den galadhag.

– 30 –

Pan ginawa maring tegal uwar iku, den pendhem watara, patang puluh dhepa jrone, den urugi tai besi pandhe dhomas.

– 31 –

Ya den tetel pinaseg gen ira ngurug, ing panyananira, ki Ngabehi Cukimire, pisan iki sira sida pendhem jarat.

– 32 –

Pareng lawan laksanane gawe isun, jalayat si setan, lumpur ludhes dilolocok, ki ngabehi wangsule asuka rena.

– 33 –

Ora matur ing pagustene sang prabu aneng Pajajaran, dupi dugi ing ngarsane, Anggalarang wus talangep aneng ngarsa.

– 34 –

Kaligane wus nembah arsa sang prabu, ika ingkang dadya, anggawoke wong saraje, mung ta iki bocah calonos binatang.

– 35 –

Tai olih si anjingsi kenang kutuk, sampun warna-warna, panyobaning ratu gedhe, wis kalesan panyobaning prabu nata.

PUPUH XXXIV

S I N O M

– 01 –

Warnanen, sang Anggalarang, ing Pakuwan den sakiti, den panahi datan kena, den bandhemi den bedhili, ajarujus medal warih, datan bisa ambeledhug, tombak keris lemes kadaya, gulalitan miyatani, ya pinenthung tinabok kejeng kang tangan.

– 02 –

Jinejeg sikile akas, jejegeng tan kangkat tangi, cinakot kaku kang uwang, mangap lir cinengkal wesi, unine ha ha ho ho, rarasan lan bisa metu, kena waliting Galarang, ika pancalima sami, asakabehe datan guna Gelapnyawang.

– 03 –

Mimpes pisan datan bisa, Prawatali datan bangkit, tan bisa ulur-ulura, Talibarat tedhu sami, ora bisa ambabari, Gelapsangyang Gelapnyenggreng, ora bisa amikara,padha mepes ingkang sakti, sa cep ana Anggalarang ing Pakuwan.

– 04 –

Anyirnakaken guriyang, Pajajaran padha sami, ilang pangaruhing nata, apes dening sang apekik, datan sang Susuktunggal, samana samangkenipun, kami sosote kang rana, dhumateng wau sang pekik, den cinandhak Anggalarang dipun angkat.

– 05 –

Ing karsanipun sang nata, binalangaken tumuli, ora kaya awratira, tan kajung\jung ing asakti, karengkeng-rengkeng tan kapti, ya tan bedhol saking lungguh, ya ta Prabu Susuktunggal, hem ngandika sira iki, awak ira anteb temen tuduhena.

– 06 –

Yen saestu sira nyata, teges lamon anak mami, yen saestu anak ingwang, kuwat anjunjung mami, asun kalangean agelis, ing sakarep ira iku, yen sira bisa balang, ngaken maring raga mami, iya nyata tegese ku anak iwang.

– 07 –

Denisun wis sira buwang, karaton sira duweni, dening sira wis pracaya, dadiya gegenti aji, angreha Pakuaji, Anggalarang sigra junjung, wau dhateng Susuktunggal, kaangkat sayengan mangkin, pan gegetun wong kathah padha tumingal.

– 08 –

Teganira Anggalarang, angangkat dhateng sang Aji, den balangaken ning pura, Susuktunggal wirang isin, lingsem maring kang rayi, Prameswari duk andulu, kagume kang laki tiba, nyata kabuntal ing weri, nyata iku binuntal ing Anggalaran.

– 09 –

Ya ta iki prameswari, komalanten sabdaneki, ya wis payu padha pulang, maring kahiyangan mami, ing Sindhangkasiningid, anglipuraken ing kalbu, aja adadawa lara, sengkel ing manah tan sipi, wus riringkes sang nata lan para garwa.

– 10 –

Miyos saking boborotan, mengetan puruge ngili, Sindhangkasih kang sinedya, gegere wong dalem puri, kelangan majikan neki, wong sadaya ting balulung, waneh ingkang atur uninga, maring wareng prabu aji, enggal prapta Prabu Sepuh aneng kana.

– 11 –

Dan Patih Dhuyunglanangan, lan Tumenggung Ulungdhayi, samiyar tur kandha wara, lilingseme ing marmaning, dening Anggalarang gusti, ya ta Anggalang iku, ingandikan pinariksa, ing ngarsa Ciyung sang aji, aturipun pon kula punika putra.

– 12 –

Ya sang Prabu Susuktunggal, patutan Mutyalarang dewi, saking kaputren siluman, si rama kula pedheki, tan den sapakula iki, den lalara tumangan, ingobong jasad puniki, den janjeni nyata anak lanon gesang.

– 13 –

Ing wesana kula delap, boten geseng dhateng api, inggih lajeng kanjeng rama, boten ngaken dhalem mami, kulu nunten tinaleni, ing lalayangan puniku, dipun aburaken enggal, kalintang denira menit, den janjeni la yen nyata anak nata.

– 14 –

Ing wasana kula teka, ing ngayunan rama aji, inggih boten ingaken kula, nunten kentas malih, kinen ngekum ing warih, Cimenengteng pan binandhul, layan sela samahesa, inggih pon jinanjen malih, la yen nyata anak ingwang bisa teka.

– 15 –

Ing wasana kula teka, inggih maksih tan ngakeni, nunten kentas kawula, dipun pendhem lebet bumi, gih makaten ugi, jinanjenan la yen nyata metu, sanyata anank ingwang, yen wis amuncul maning, ing wasana inggih kanyata.

– 16 –

Anak ingwang bisa teka, ing wasana kula prapti, inggih maksih tan ngakena, ing si rama linggih aji, kelupun cidra maring, wekasane ngajak cucu, janjine dhateng kula, bisa balangaken mami, ngaken isun ya sanyata ya anak ingwang.

– 17 –

Inggih si wantu kahula, amalar dipun akeni, inggih kantos kula balang, wau dhateng kanya puri, drapon sampun lingsem neki, sapamanggih kula iki, minanten leres kawula, Prabu Sepuh ngandika ris, kerpek jantung iya iku bener sira.

– 18 –

Mangsa bodhoa kang guriyang, angriyung ing sireki, bapanira ingkang salah, gawe lingsem pribadi, ing temahe saiki, anglolos kalaning dalu, popolos amiruda, wong atuwanira gusti, iya iku pangidhepe ing wong apa.

PUPUH XXXV

L A D R A N G

– 01 –

Pradenane semono payu saiki padha kita, susul iku bapanira, maring etan manawa kita rerempah.

– 02 –

Nulya mangkat prabu sepuh lampah neki kalih sira, Anggalarang mapan sami, samya sira kulawadya Pajajaran.

– 03 –

Ora kaya Prabu Susuktunggal nuli genya salah, pan den udhag sengit, ika dadi Susuktunggal artinira.

– 04 –

Dadya sira Susuktunggal ika dadi kali marwa, ambles ing dhasaring siti, ing jajahan Sindhangkasih nukmanira.

– 05 –

Malah katon ing tingale prabu wanara lang Anggalarang, langkung gegetun ing kapti, ora kena untunge ku bapanira.

– 06 –

Ya ta Prabu Ciyungwanara abalik sarta ika, Anggalarang wus den asri, susuluring kang rama ingkang wus sirna.

– 07 –

Pan sinebur Prabu Anggalarang sangti ingauban, Talibarat Parwatali, Gelapnyengreng Gelapnyawang Gelaperang.

– 08 –

Panjinaga dewa mambang apa maning jin prayangan, kang memedi lan bragola, banaspati inton jurig lan kemangmang.

– 09 –

Anggalarang pan riniyung ing saliring, kang ing tawang, teluh braja lintang ngalih, layung abrit tapak angin lan gelapan.

– 10 –

La kul manuk ingkang bisa tata jalmi samnya ngabdi, anut ing titihing aji, amuwuhi Anggalarang arjanira.

– 11 –

Genya nyakra sumulur madeg dewaji wus koncora, menak pra kuwu nyungkemi, ing karsana sang prabu ing Pajajaran.

– 12 –

Waktu iki ingkang jumeneng papatih winastan, kyana Patih Bentanglompang, kadadiyane lintang karti iya ika.

– 13 –

Pramilane lintang karti cong keng siji iya ika, ing sang maha wruhing naya, dadi patih langkung saking wicaksana.

– 14 –

Tumenggung ika ingkang den arani namanira, Ki Tumenggung Paracutan, nyananing sakuling kalulawadya.

– 15 –

Mula nama paracutan iku dening angracuti jiwqaraga, nalangkep jalmi, ingkang nyawa pan dadi pejah.

– 16 –

Sagedhangan apayuyune wong mati nanging ika, yen wis den uculaken maning, ya janggelek urip maning ingkang kalma.

– 17 –

Waktu iku demange kang winuwuri kaki demang, Gurumuruh namanira, saktinira nyentak jalmi kalenger padha.

– 18 –

Yen anggerem ngoregaken ing sabumi kaya obah, kadya panggereming macan sami, ngabehine Sindhanganjen namanira.

– 19 –

Pan wus jengger sabawa Sundha negari aprakasa, prabu sampun mengku Prameswari, ingkang putra Sunan Jumanjang kang nama.

– 20 –

Ni Ratu Gumiwanglayaran Sari, mangka ingkang, pinangka iku ing kana, asal Baturuyuk ingkang miyosaken putra.

– 21 –

Pucuk gumun sepuhi ya ingkang nami, kang besuke puputra, nama Anggalarang malih, pan kasebut Raden Anggalarang mudha.

– 22 –

Mangka nuli kang minangka rabine aji duk samana, kaputran saking Jepura, ingkang nami Wotsari aputra Yang Maduraksa.

– 23 –

Iya iku kang ajatu krama maring Sangyang Citra, ratu Sekar ing tanpa omas, miyosi siwi sanunggal Raden Kalipa.

– 24 –

Iya iku kang alinggi aneng suci dupi ingkang, satunggale malih nama, Raden Sinom kang alinggih Salagedhang.

– 25 –

Raden Sinom iya iku amurtrani kang sinebut, guru mindha Mantrisari, mangka nuli Mantrisari apuputra.

– 26 –

Ingkang nama sanghyang Widaya kang sakti, Yang Widaya, ika nuli amutrani, Sanghyang Tubu kang linggih Sokawiyana.

– 27 –

Dupi iku kang kaaken maha dewi iya ika, pawestri kasing timbangan, ingkang nama Dewi Mayengan jeneng ira.

– 28 –

Kang den sedhep ing ayunan sri bupati Anggalarang, dupi garwa marujune, istri saking pasirmilir iya ika.

– 29 –

Wawangine Ni Erangtungtang kang nami iya ika, kang dadya dewi mature, Sundha puri sarta selir walung dasa.

PUPUH XXXVI

DHANDHANGGULA

– 01 –

Pan sinigeg Anggalarang mangkin, wustahunan windon mengku raja, ing Pajajaran anengge, cacangkok pra kuwu, tetes kali Cilutung maring, Cipali ya ika, ingkang dipun rengkuh, dening Prabu Anggalarang, dupi saking Cilutung ngulon pan maksih, kaapti Ciyungwanara.

– 02 –

Lami-lami danguning ngaurip, kudu bae ana kasandhungan, ya iku ing sajenenge, Sunan Talagamanggung, ingkang putra jati kakalih, kang kasebut nama nipun kang karuru, kyan Sukmaantalirasa, kang kang atma Jayanglangkara sakti, kang darbe manah ngungak.

– 03 –

Seja ngaru ingkang linggij aji, ing sagunging sesa Anggalarang, teka den rumpaki kabeh, estu megat kukuncung, arep wangun lingsem ing aji, yen den prasila mangpang, akeh panglimagung, kang padha sirikokalan, tanpa dadi kalilip luguting aji, Anggalarang songkawa.

– 04 –

Edir-kadiran panantang weri, atmaja ya Lengkaraganal, basa jahata kerwanthen, iya isun ingkang estu, ing saiki seja ngadoni, saktining Anggalarang, sing akasor lampus, sing ameneng dadi raja, amponi buwana Sundha negari, la payu katogena.

– 05 –

Ya ki Patih Bentanglopang agasik, mepeg gaman Pajajaran, surupe ing kasakten, den katogaken sagung, pan bunihan akeh amijil, bulus putih angabar, ing awang-awang trus, img bumi anyaangkal obah, Raden Jayalengkara ya tan giris, dadya ngembat sarotama.

– 06 –

Sanjatane sapujagat nempeki, maring Lintang tiba padha silak, padha balik ing parnahe, lan nama tiba ipun, Patih Bentang gegetun kapti, popoyan maring rewang, ika ki Tumenggung, Paracutan kocap bisa, analangkup nyawaning wang dadi mati, la ika pinritandang.

– 07 –

Ki Tumenggung atandang madhidhig, sja nyuwuk atmaja Yang Tengkara, tinarempang den jarage, den jaragang cinawuk, Jayalengkara nyawa katarik, ragane wus galudhag, iya kaya lampus, ora kaya atma ingkang, kagem ngasta anyokot ilur ula mandi, Ki Tumenggung apejah.

– 08 –

Pan ageger wadya Pajajaran sami, Ki Tumenggung pejah kapisanan, den gigit dening musuhe, Tumenggung wus lampus, Atmajaya balik maning, ragane dadi gesang, urip kaya wau, nuli kulawarganira, Ki Tumenggung kabeh padha anangis, nedha den gesangena.

– 09 –

Sasambate lamon mangke urip, pan sumedya angabdi kahula, dhateng sampeyan sakabeh, Atmajaya agupuh, aglis sira andamu maring, cunguring Paracutan, kinepus dinamu, kempis-kempis kulimes sang Tumenggung ababalik sira ngabdi, maring sang Atmajaya.

– 10 –

Pan ya iku marganing angabdi, Menak Panumping kabeh kaparentah, dening Atmajaya kabeh, Tumenggunge kangracut, wadya bala Sundha negari, den adhepaken muka, ing pangabdinipun, maring Jayanglengkara aji, kari saubing payungika.

– 11 –

ora nyana kang kawula lit, Atmajaya adan ika ngangkat, maring sarirane dhewek, wus angadeg sang ratu, ing Talaga kang den jeneki, Tumenggung Paracutan, ing emban-embanipun, Atmajaya wus kaloka, Susuhanan Talaga mengku nagari, anyakra bawana Sundha.

– 12 –

Suuding bala kagiri-giri, wau dhateng sang Prabu Jaya, atilar Anggalarang, sing amaneni jemur, singa ingkang tan anut ing titi, ning Atmajaya dadya, tinumpes den tempur, mula padha kamawula, maring Atmajaya padha gumusti, tabuh maring Anggalarang.

– 13 –

Lawas-lawas ika sang apati, Bentanglompang saja amakaya, welas maring Anggalarang, seja malesaken iku, saolih-oliha merangi, maring sang Atmajaya, sejanira ngrebut, ing sesane Anggalang, sigra ngalurug kang bala mungkari sathithik, wadya sajroning pura.

– 14 –

Dupi wadya bala dhateng jawi, ingkang kathah wus padha kapurba, dening Atmajaya kabeh, pramila [atihipun, Bentanglopang karsa nglepasi, sanjata garantangan, lumepas anuju arah anglebur Ta;aga, kadi gunung gelap marab-marab geni, kadya ra ngobar jagat.

– 15 –

Wong Talaga kathah padha nangis, panyanane sakabeh kabakar, dening gelap maludage, datan antara dangu, gelap talaga ika mijil, kang warna kadi gegelang, pirang-pirang ewu, amapag maring garantang, sirna purna geni garantang alalis.

PUPUH XXXVII

P A N G K U R

– 01 –

Atandang Jayanglekara, menthang sanjata topan sira aglis, Bentanglompang geblas kawur, pulih angsal pinangka, dadi maning lintang kerti iya iku, surake bala Talaga, tumon gustine asakti.

– 02 –

Kantun Prabu Anggalarang, jelag subita babanting arti, medal sira kapisemu, he Atmajaya iya, iki isun wis pepes ya aja tanggung, sira kukuru alawas, alung babrena lalis.

– 03 –

Aja dawa-dawa wirang, atmajaya anabda iya becik, tampanan iya iku, sanjata aliwawar, kang nyawargakaken ing sira satuhu, duk lagi nabda samana, Anggalarng angandhingini.

– 04 –

Animbulaken ing toya, mubal malah tanpa tanpa sangkan mijil, kadak siking Cikeru, kaligane ambuwal, gumaludhug tanpa krana wetunipun, anggigilani kang toya, dhuwur pamumbaling warih.

– 05 –

Kadi ta lir gunung toya, wong Talaga akeh padha anangis, nyana den kelem ing banyu, ing wau wurung den obar, sida iki den keleme dening banyu, dan tandang Jayanglengkara, den lepas si sanjata angin.

– 06 –

Aliwawar wus lumarap, anarajang banyu asat pan tumuli, kaingsep ing sira lisus, luntanira narajang, Anggalarang katarajang nulya kawur, merad maring ngalam lintang, awiyang alalu lalis.

– 08 –

Amung Prameswari nira, ingkang nami jeng dewi, Ratugumilang lumayu, sumhati ararangkangan, muni ngowe-ngowe lir kebo limayu, krana mengkele kang napas, mulane muni lir mundhing.

– 09 –

Apa maning lagi wawrat, sangang wulan menga-menggeh lumari, niba tangi seja njujug, mring Prabu Ciyungwanara, langkung payah ical ing samangeripun, sigegen kang pala dara, warnanen kang Jaya ngancik.

– 10 –

Susuhunan ing Talaga, malah kalampah Jaya ika saking, turunan jeng Prabu Galuh, pramila nelang bagja, dadya ika pancalima pandha cenguk, tan bisa aningalana, bala wita ingkang iki.

– 11 –

Dadya tan bisa tulunga, wau dhateng Anggalarang sab gaib, Talibarat datan weruh, Parwatali tan mulat, Gelapnyawang sadhapure datan weruh, pramila sang Anggalarang, kapepes kaduga lalis.

– 12 –

wis mangkana adating donya, la yen mungguh gagaman ingkang mandi, sote yen jaba ning untung, yen ingkang wis tumeka, ing untunge endi ana sakti punjul, wis kandel ing rampak kuna, kang sakt kang ora sakti.

– 13 –

Ta ika baja daulat, Jayanglengkara suhunan ing cai, Caierang lungguh ratu, olih nyelang marwasa, Jayanglengkara wis amiyosi sunu, jeng Dewi Simbarkancana, ingkang mangke olih laki.

– 14 –

Ing wong agung kahiyangan, pan rakaning Centangbarang ingkang nami, Kenbalura jenengipun, putraning Rawagadha, Rawagadha putraning Bentangmerngu, Bentangmerngu punika, kaputraning Bathara Pancarangin.

– 15 –

Lamining ajatu krama, Simbarkancana nulya miyosi siwi, putra satriya pipitu, iya iku kang nama, Teja Pramana iki pambarepipun, panggulune ika nama, ya ki Teja Sokasari.

– 16 –

Nuli Teja Ingaguna, nuli ika ngadheni nami, Ki Teja ing Ujung Lutung, tumuli kang anaming satriya Ki Teja ing Payunhagung, lan Ki Teja Sangapriya, lan Ki Teja Cintamanik.

– 17 –

Dupi ika kang anama, Teja Sokasasri kang gadhang ing benjing, apuputri istri ayu, ingkang nama punika, Ratu Pamratsari iku gadhange ing besuk, gadhang jodhone sang putra, Silinwangi kang anami.

– 18 –

Mundingdalem namaira, besuk rabi Ratu Pamratsari, aneng pungkuripun timbul, duk mangko durung ana, masih nyatur andhing luluhuripun, ya ta Susunan Talaga, kawarta wus sugih rabi.

– 19 –

Garwaning Jayanglengkara, ana dhomas garwane amarinci, den parenca enggonipun, sagenah-genah garwa, kanggo pranti kandheg kampir ing lalaku, yen kala ngider buwana, dumadi amukti sira.

– 20 –

Karana Jayanglengkara, ing sandhenge angratu tan langgeng linggih, anjembaraken ngalenthung, remen alincak lincak, kamuktene ora bosen ing alungguh, dhela-dhela sejen genah, dhela-dhela ngelih puri.

– 21 –

Ngadhaton sagenah-genah, iyang-iyung pijer amurwa puri, sawula-wulan awangun, alihan lincak-lincak, dadi anyar maning anyar datu, tan bosenaken ing manah, duk pangidhepe sang aji.

– 22 –

Sang Orabu Jayanglengkara, sugih garwa sagenah-genah mranti, kampir angrantuning enu, denganemu garwa, pan mulane katela paparabipun, suhunan sugih garwa, wus koncara tepis wiring.

PUPUH XXXVIII

S I N O M

– 01 –

Sigegen suhunan Talaga, kang karoban ing wibawa mukti, kawarnaa kang miruda, ratu Gumiwang lumari, ing ngayunan sang aji, Ciyungwanara jinujug, praptane ing ngayunan, ngowe-ngowe kadi mundhing, ambekane mengkel ngeden arenggosan.

– 02 –

Bari rumangkang lumampah, anyungkemi ing padaning, Prabu Sepuh Ciyungwanara, pon ika sampun angarti, yen Anggalarang lalis, rabine ingkang lumayu, awedi diboyonga, dening Atmajaya sakti, ya ta pareng ing kana Ratna Gumiwang.

– 0 3 –

Nuli bae bebeleyan, angadenaken babayi, menggap-menggap ingkang napas, kadi wong anglalu lamis, ngowe-ngowe lir mundhing, medal jabang bayi jalu, abagus wuwarnanira, sang prabu sepuh sukati, udheg-udheg tiningalan lanang pelag.

– 04 –

Suka rena nalanira, udheg-udheg bapa kyai, iya sun arani sira, Jajaka Mundhingkawati, karana biyangmu nuni, ngowe-ngowe elap isun, embok metu maesa, legane bragojol jalmi, ya sun puja dadiya sulur nalendra.

– 05 –

Susulure rama nira, Anggalarang kang wus lalis, nyi mantu udheg si jabang, openana den abecik, ing rat prayangan mangkin, manawa dadi susulur, ing rat prakuwu mangsa, bisa amangko pinuli, sabab uwis kajabel Jayanglengkara.

– 06 –

Amung manawa si jabang, ing benjang salamet urip, bisa angrebut pusaka, yen nyata titise jati, mangsa wurunga abangkit, angruru pusakanipun, telungane ing kita, sun srahaken maring sukmane si jabang.

– 07 –

Ratna Gimiwang aturan, sandika ing mangkin aji, pan si jabang wus den asta, dinelap lastari urip, dugi mraja kawarni, katempelan asmara lulut, akeh wadon kang kedanan, padha buri ingithil, maring Wundhingkawati padha kasmaran.

– 08 –

Estuning raga asihan, linulutan ing pawestri, ingkang prawan kang wulanjar, randha muwah duwe laki, padha kabadri-badri, kasmaran ing Mundhing iku, aja-aja kang tumingal, salagine ingkang sami, ya angrungu abane padha kasmaran.

– 09 –

Ingut-inguting swaranira, konsi duga pitung bengi, kelingan bae ing swara, akeh istri padha lali, ing wang tuwa maring laki, tut buri ing Mundhing gupuh, padha pasrah jiwa raga, wus ilang kang wirang isin, edan bae kawenangan ing wong liyan.

– 10 –

Malah ika lampahira, Raden Mundhingkawati, angumbar akarsa nira, wong anom amurang titi, Malangsumirang mambrih, ngambat ing praja pra kuwu, kang padha rinungruman, anggepe Mundhingkawati, saprakara wadon kang teka priyangga.

– 11 –

Padha sungsung rebut ing sang, remening Mundhingkawati, padha sosoroh gulingan, tan lawan den undang maning, Raden Mundhingkawati, mung kinambadan ni Pasung, ing wadon sagulingan, singa-singa anekani, linadenan akirda pan sadaya.

– 12 –

Akirada pan sacombana, malah ika lami-lami, angambat maring garwa, garwane Majayalengking, ingkang padha marinci, padedesan kang tumuwu yen den lewa, maring sang Mundhingkawati, akeh garwane Jayanglengkara jinamah.

– 13 –

Yen konangan ingkang jaga, padha sami sakarani, padha rinujak ing lawan, Mundhinggkawati nadhahi, teguhan talikrami, kalesan ingkang murugul, padha kondur kokalan, adate Mundhingkawati, sakeh wadon kempong perot sok wadone.

– 14 –

Sakeh wadon duwe ningwang, lara pati sun labuhi, jar murang niti rungruman, malah yen kapandhak margi, lan garwane Jayalengking, kang lagi tinandhu-tandhu, ginaregeg den iring-iring, prandene linorod binegal marga.

– 15 –

Ginawa ing pasenetan, prameswari den sanggani, yen wis sampurna abendra, ingeculaken ing margi, pan samya kang ngiring bedhil, anumbak pan sami nyuduk, tinadhahan kang braja, tan ana braja nitisi, esok bae angkohe Mundhing Bathara.

– 16 –

Nanging sun mangsa kandega, ambegal ingkang pawestri, sapa bae kang kapapag, iya pasthi sun sundhepi, tan idhep garwa aji, Atmajaya musuhipun, kamanyangan yen mendhaka, rabine si Jayalengking, pon ya iku kang angembat tupaningwang.

– 17 –

Ya ta garwa Atmajaya, kang ning padesan marinci, pan rinungruman sadaya, sakabeh den dalajahi, datan kaliwat siji, Mundhingkawati kalangkung, dening kaliwat gemetan, braja gemet ing pawestri, nyumur gumuling lang angrong pusanakan.

– 18 –

Lara pati dipun dhadha, isun ora anggingsiri, panebusing murang sarak, adate Mundhingkawati, ora nana kang pinilih, padu wanodya ya iku, aburan carampusan, sing awadon den cicipi, luwih liwat anglalanangi ing jagat.

PUPUH XXXIX

KINANTHI

– 01 –

Ya wus dadi ara-uru, koncara angrurung sebi, karajahan Atmajaya, ya ta dadi den lurugi dening bala ing Talaga, seja cinekel winingkis.

– 02 –

Kang seja galethuk datu, seja den kacebur cai, ginawe ing raga ina, Mundhingkawati wong siji, angalahaken nagara, mabura kang tanpa sentik.

– 03 –

Juwala apa si bendhul, ya ta wis amaribui, raja gagaman talaga, ora nan kang ngundhili, kang cinekel boya kena, den buru-buru tunungtik.

– 04 –

Ting salengseng ngalor ngidul, lamon geger garwa aji, yen pinanjingan ing dhustha, dadak-dadak den ebyuki, kaligane tan kacandhak, pating bilulungan tan polih.

– 05 –

Tan olih gawe alusut, ya ta kamisosot kangpri, Ki Tumenggung Paracutan, Brajamatya adhag-dhag dhig-dhig, seja nyekel sang Bathara, Mundhingkawati tan keni.

– 06 –

Sang Anom pan dipun cawuk, ambekane dipun tarik, dening Arya Paracutan, kacandhak Mundhingkawati, mundelik kaya apejah, ora duwe napas mijil.

– 07 –

Sabab nyawa den talangkup, dening Paracutan sakti, wus ngedhag tanpa ambegan, Mundhungkawati lir mati, kaku jengkeng ora obah, kawenangan ika dening.

– 08 –

Gelapnyawang wus jumegur, namber Paracutan katimbis, Tumenggung pejah den Gelap, babarpisan angemasi, nyawa Mundhing kawarnaa, ucul wis rumanjing maning.

– 09 –

mangsup dhateng jasadipun, janggelak tangi urip, Paracutan tulus pejah, kulawargane anangis, nuhunaken pangapura, nuhunaken gesang malih.

– 10 –

Ngasih-asih aturipun, dhumateng Mundhingkawati, supados mangke gesanga, tan wande angabdi, sacecepenganing Paracutan, katura ing Mundhingkawati.

– 11 –

Tilar Atmajayanipun, sujud ing sampeyan gusti, rama dalem Anggalarang, Talaga dipune ngabdi, kahula datan langgana, ginawe abang putih.

– 12 –

Dhateng Pakuwan pra kuwu, ing ngarsa sampeyan gusti, Mundhingkawati ngandika, ora rep yen isun iki, den bekteni ingkang kaya, Jayalengka wong mementhil.

– 13 –

Kadedo ra dadi ratu, babaktine Paracutan, Paracutan wong luwih ala, calak-calik ing agusti, endi ingkang gadhang menang, ya iku den aku gusti.

– 14 –

Sanadyana maring isun, ya pon mangkono maning, yen katekan musuh sesa, cakelane den go bakti, kanggepa ing ratu anyar, si monyet si tai anjing.

– 15 –

Tan pantes dadi Tumenggung, pantes dadi wedhi bumi, saturune mapan ora, kena den pambri papati, patut kanggo gawa salang, pikulan buburu dhuwit.

– 16 –

Sira wus age mampus, aja supe kene nangis, Paracutan endha modar, enggo apa den uripi, wong ora lana ngawula, pangidhepe nengah minggir.

– 17 –

Nagara seja sun japut, arep sun cekel pribadi, sun rebut sing Atmajaya, aweh ora weh ing mangkin, sun prawasa lan dumadak, ila ing badhami becik.

– 18 –

Ya sun anggep bala ratu, ika Atmajaya lengking, yen wangkal iya sun kebat, sun tumpur kahananeki, anak putune sun buwang, sun uprak ing bumi ngriki.

– 19 –

Ya ta Baronjot Tumenggung, kawirangan padha nisi, kawarnaa Jayalengka, wus wruh yen Tumenggung mati, den samber dening Gelap, Nyawange Mundhingkawati.

– 20 –

Jayalengkara agupuh, adir-adir sakti luwih, kalih sadherek kang nama, Sukmaantalirasa sakti, amapag sireng payudan, Rahaden Mundhingkawati.

– 21 –

Sukmaantalirasa sampun, ambabar ing baris geni, malabar adadya wangwa, adan sang Mundhingkawati, narajang baris dahana, mepes dadi awu nuli.

– 22 –

Medal tanpa sangkan banyu, mumbule lir gunung warih nrajang ing Antalirasa, kentir kagawa ing warih, ya wis larut tan katingal, kentir kagawa ing warih.

– 23 –

Ambles maring dhasaringpun, sangyang Talaga alalis, dan Prabu Jayanglengkara, medalaken wira sakti, bulus putih angambara, nuruni racun garigis.

– 24 –

Mundhingkawati rahayu, tan pakara kang garigis, bulus putih dipun japa, kajulina tibeng siti, gramang-gramang iku dadya, silem ing talaga yoni.

– 25 –

Tandange Jayalengkara, angembat sanjata angin, Sangyanf Aliwawar ngena, nampek ing Mundhingkawati, lisus angeder lir ngreba, akening Sangyang Ukir.

– 26 –

Parandene kang tinuju, wangkeng kadi pacek wesi, kawur maning yen iyaa, gumingsir salagi beli, Mundhingkawati amuja, banyu cikeruh ngulati.

– 27 –

Panumbule kadi gunung, narajang ming Jayalengking, kapisanan kalembak, sumilem amblese maring, Sangyang Talaga ika, wus merad alalu lalis.

PUPUH XL

ASMARANDANA

– 01 –

Duk iku Mundhingkawati, tulus jayane angrebat, pusaka saking ramane, menak pra kuwu Pakuwan, sadaya sami nembah, ing Mundhingkawati ngulun, idhepe ing Pajajaran.

– 02 –

Apa kaya wingi uning, Mundhingkawati samana, wus den angkat pangratune, dening luluhure ingkang, nami Ciyungwanara, sumulur ing ramanipun, katelah nalendra anyar.

– 03 –

sang Prabu Mundhingkawati, anata ing Pajajaran, jaksane lan papatihe, wong pinter anginger bala, ingkang kasebat nama, Ki Patih Gurugul iku, kawal ratu Pajajaran.

– 04 –

Tumenggung kang anami, Ki Tumenggung Padhamenak, kang nguningani pagawe, wong cilik sabarang karya, angrapu-rapu bagja, anulak cilaka isun, kang buawana Pajajara.

– 05 –

Demang Sedhapura, ingkang ngreh pradata sakabeh, pamagutaning wicara, putus ing kademangan, pinangka pajakanipun sang ratu ing Pajajaran.

– 06 –

Ngabehine kang anami, Kawungluwuk ingkang nama, ngagem pajagan sakabeh, sakalir ring pamatrolan, ngabehi kang uninga, wau ingkang manjing metu, ing buwana Pajajaran.

– 07 –

Awindon ataker warsi, Mundhingkawati angraja, garwa domas ing kathahe, Prameswarine kang nama, Dewi Trusgandarasa, kang asal kaputrenipun, Sunan Tegal kahiyangan.

– 08 –

Duk samono Gulbopati, kang wus lenggah binagawan, iku Susunan Sambate, lan Sunan Jumajeng, lan Sunan Tegalkayangan, lan Sunan Telagamunggung, lan Sunan Ranggalimbangan.

– 09 –

Duga ing sawuri-wuri, anak putu Pajajaran, kang amba gawan linggihe, iya kasebut Susunan, lan kaya ika benjang, Susunan ing Tatanpolawung, lan Susunan Raja Malaka.

– 10 –

Lan Susunan Wanaperi, lan Susunan Pandhajawa, lan Susunan Ranggalawe, lan Susunan Ciburu ika, lan Susunan Kidul ika, kalawan Susunan Parung, kabeh tedhak Pajajaran.

– 11 –

Suhunan Jati apa maning, pon ya tedhak Pajajaran, saking luluhur ibune, tatapi duk samana, sakabeh durung ana, masih nyatur kang luluhur, kang ana ing Pajajaran.

– 12 –

Sang Prabu Mundhingkawti, karemene ambedhag sangsam, ing alas arame-rame, kulawarga santana, paburu asadhiya, sakti-sinatenan iku, yen buru kidang manjangan.

– 13 –

Pating careluk sukati, surake ambal-ambalan, sok rena sagedhene, kang pareng olih bayangan, pirang-pirang manjangan, idang pirang-pirang atis, wadya bala katutugan.

– 14 –

Kang den bakar dentengi, babat kang den pangan mantah, kang dipun ayem atine, ora nan kakurangan, gaganting anarambah, kang dhinendheng dipun gulung, wus loba pana dhacinan.

– 15 –

Kang den bacem den petheni, pirang-pirang kang tampayang, bakasem daging sakabeh, lir ta kang mangan anyaran, den gecok den rerempah, den sasate den pepenthul, ana den brangas kewala.

– 16 –

Masih abang jare manis, wus warna-warna asuka, sukane manah agawe, olah-olahaning mangan, dupi lawasing lawas, genya kasengsem aburu, singga alas den oyak.

– 17 –

Ya ta dadi anarengi, manjangan asantana, kumanjangan daden-daden, turunaning Linggaiyang, duk rasmi lan manjangan, iku wus aduwe turun, kang katelahe ing nama.

– 18 –

Manjangan gumulung sakti, lan manjangan wulung upas, ing galunggung kahanane, tanopen kidang ancaran, lan kidang panawungan, ya iku kang estu turun, Linggaiyang kang sasmata.

– 19 –

Manjangan gumulung yakti, iku ramaning manjangan, gumaringsing ing ulese, mangka nata uga ika, sang kidang panawungan, iya iku ramanipun, sang kidang pananjung ing Sundha.

– 20 –

Dangune den osak-asik, kang bangsa kidang sambawa, manjangan pon sambawane, dadi ika ratunira, tan sakeca ing nala, sumeja sira tutulung, maring kula balanira.

– 21 –

Manjangan gumulung sami, kalih sang kidang panawungan, seja angayoni gawe, gelar panyelang susila, maring Mundhing Bathara, sampun wangun gelar pamuk, sakarang ngamuk ing alas.

– 22 –

Paburu akeh kang mati, gegere wong Pajajaran, samya kapalayu kabeh, dening ika ing ngamukan, ing kidang lan manjangan, dening tantetesing punglu, gagaman maning yen mempana.

– 23 –

Sedhengane ika bedhil, mariyem datan tumama, pelore kaduga gepeng, wus kadi lempung kewala, ing awaking manjangan, gawoke nembe anemu, iku ta manjangan apa.

– 24 –

Patutu iku dhedhemit, inton-inton panawungan, kidang jurig alas moreg, galunggung betan siluman, ngamuk amarawasa, anglingkab koncaning ratu, dening teka kabeneran.

PUPUH XLI

M I J I L

– 01 –

Ki Ngabehi Kuwungluwuk ngandhepi, manjangan den coco, lawan keris atugel kerise, Kuwungluwuk den undha wanti, den tuju tumuli, kapental lir punglu.

– 02 –

Demang Padhamatang ngandhepi, kidang den cekel soso, iya kuwel gulung rame lagane, ingkang kidang dipun timbisi, lawan gada wesi, prandene tan pupul.

– 03 –

Gada tikel Ki Demang den undhi, muluk kadya pelor, ora kruwan Ki Demang tibane, Ki Tumenggung Padhamenak sri angandhepi maring, kidang sangsam wau.

– 04 –

Sigra tortoran pijig-pinijig, aprang popon-popon, pan binalangaken kidanga, tan kahur parek den wingkis-wingkis, kidang ika uwis, kapental ing ngasruh.

– 05 –

Ora kaya manjangan kang sakti, nujahipun solot, Ki Tumenggung ing kabelasate, ora kruwan tibane malih, adan sang apatih, Yang Gurugulkiwul.

– 06 –

Enggal tandang manjangan den kempit, sinerat dhumongkol, sadyanira sinembeleh age, ora kaya seking tan sipi, ya datan miyatani, ing gagamanipun.

– 07 –

Gulunipun manjangan tan kanin, sigra kang manjangan nyokni, ing Ki Patih ya karasa seget, dadya sira ucul sing astaneki, ambaluki Pati, kabyesat adhawu.

– 08 –

Tangi ngudhag dipun tujah maning, kapyesan tan adoh, tangi ngudhag den papagane, dipun udha den walik-walik, duga pasukadi, tatali aliyur.

– 09 –

Murud tinandhu sang kyai patih, wus tan ana miyos, wong Pakuwan padha geris kabeh, ingkang kaparag sami, geger pating careluk.

– 10 –

Dupi kidang manjangan anuntik, maning jeng sang katong. Mundhingkawati sabandhu wargane, garwa kula bala ngili, pala dara nisih, ngalor ngetan metu.

– 11 –

Saking kutha Pajajaran mijil, gamarudug gatos, samya bubar saupacarane, gunung Trogong kang den purugi, munggu kadikuling, Tegaluwar ayu.

– 12 –

Ya sejane go umpetan aningid, ing gon ya ing kono, pandhe siluman ya iku genahe, mulane dipun wastani, Tarogong kang nami, ya pangonan alimun.

– 13 –

Paparabe kang kuna angapti, gunung Kuwendenlok, iku gunung Antragangsa rane, iya iku namaning kang ngukir, kang seja den ungsi, ya dening sang prabu.

– 14 –

Sagrawane saselire ngiring, kumaritig mrono, mung kang kari saelir-elire, duk samana iku sang dewi prameswari aji, trus kandha duk iku.

– 15 –

Dhuweg bobot wawahu sangang sasi, ngenthe-enthe loyon, meteng tuwa suwe lakune, duk lalaku pan ambeneri, bumi Tegalsili, kang gandane arum.

– 16 –

Ya ing kono pareng kaget kanyedig, dening kidang langgon, lan manjangan gumalunggung pri kaget, dupi Prabu Mundhingkawati, bubarira kadi kapusus ing musuh.

– 17 –

Tan emut garwa Kaluwargi, ting barisiting wong, rebut urip sewang-sewangane, ya kang meteng brojol mijil, ing tegalsili, ingkang gandane arum.

– 18 –

Tan karasa jabang bayi mijil, bawaning ambesot, pan kaburu karo laki lempate, wus anyandhing ingiring aning ukir, Antragangsa nenggih, den jaluki tulung.

– 19 –

Prabu Mundhingkawati ambelik, he gunung Tarogong, tulungana isun sakabehe, lagi kawalesan den baledig, dening kidang sakti, lan manjangan racun.

– 20 –

Ya ing wau kidang sun baledig, pirang-oirang buron, dupi iki isun kang kaseseg, ing manjangan dadi amuki, mantrinisun sami, tan kawagang nempuh.

– 21 –

Balanisun akeh padha mati, katujah kacokot, wong Pakuwan samya abubar kabeh, mrene iki jawane angili, age den agelis, tulungana isun.

– 22 –

Sinambadan pareng samana ukir, Yang Gunung Tarogong, belamiyan katingal ing jrone, kaya jagat ing weteng ingukir, dan Mundhingkawati, sabronjote mangsup.

– 23 –

Maring jagat ingkang ing sajroning ukir, wus mangsup sakabeh, ya dadi ingkang enakane, wusing manjing ing sakulawargi, gunung Tangkep maning, apa kaya mau.

– 24 –

Pan sarupa merad Mundhingkawati, ing gunung Tarogong, ora metu-metu salawase, ya ta kidang manjangan dadi.

– 25 –

Ya ta Dewi Trusgandarasa adi, kaget dhateng kempong, tembe emut ing wewetangane, yen wewedhe tan karsa amilih, bawaning alali, duk wau lumayu.

– 26 –

Prameswari alara anangis, baya anaking wong, ana ngendi baya ing tibane, sapa bisa manggihena gusti, si jabang bayi mami, kang marojol kantun.

– 27 –

Prabu Mundhingkawati lingnya ris, ing garwa ja dados, dukaciptanira prakarane, anak kita kang marojol kari, tangtu anyuluri, ing tilas kita mau.

PUPUH XLII

M E G A T R U H

– 01 –

Pan sigegen kang sarupa lalisipun, warnane sang jabang bayi, kang neng Tegal Silih harum, pepeleme den dilati, dening embok macan wadon.

– 02 –

Wus karesi si jabang kaya ingedus, den cokot kang ari-ari, sampun punthes kaya puput, kaya kucing amberseni, maring anake mangkono.

– 03 –

Karojotan si jabang lagi ing riku, macan kesah ngunguliti, nuli ana wong aruru, akyu aran kahiborit, ningali jabang ing kono.

– 04 –

Pan binakta si jabang den agupuh, pramila dipun wastani, Siliwangi namanipun, krana asale kapanggih, ing alas rum kuno.

– 05 –

Tegalsili tampanganing alas gunung, jabang sili rum dan urip, urip ing wong ngambil kayu, kocap anak kahi Borit, salirum warna jalitro.

– 06 –

Wantu-wantu dadi anak tukang kayu, badan ora bresih-bresih, kalalare ladheg buruk, ora na praja-pajaning, taliti putra sang katong.

– 07 –

Ya wus apa dudune bocah ngon gunung, carobong ngenek-ngeneki, ora ilok adus-adus, ing maletenge agething, rambut kethel ingakotor.

– 08 –

Tan kawarna lampahe budhak salirum, kawarnaa kidang lemping, sasirnane ya sang prabu, dadi ika ngosak-asik, anang Pajajaran nyewot.

– 09 –

Maring menak pra kuwu padha alarut, amalayu den baledig, geris tan ana atunggu, ing praja den tinggal bresih, golendhang kariya kosong.

– 10 –

Kaisenan kidang manjangan akumpul, garadang-gridik awan bengi, angkohe anjabel dhatu, dheweke ingkang ratoni, ing kono mulane manggon.

– 11 –

Gawoking wong menak pra kuwu, genya kasanglat saking, wedi mareg bok den amuk, padha geris samya nisih, ing parna ing adoh-adoh.

– 12 –

Kidang Panawungan lan Manjangan Gumalunggung, lunta puas-puas ati, ngamuk ngulon ika mampuh, Pakuwan Prayangan goning, Ciyungwanara dipun brobok.

– 13 –

Geger gemetus menak Prayangan alarut, padha ngili nyingid tebih, maring guwa maring gunung, tan ana bisa ngundhili, pan sami abubar adoh.

– 14 –

Prabu Ciyungwanara ngili lumayu, ing Simpar patapaning, Ajar Ujung Banaliwung, asingidan denimponi, dening Ki Ajar ing kono.

– 15 –

Wus angarti anak putu padha larut, sowang-sowangan lumari, rebut urip laku rusuh, ibur uwis ora mikir, maring laku raton-raton.

– 16 –

Ya wis pating barisat tan mikir lungguh, nagara wus …………. gandring, kalingdih ing kidang bungur, …………. kaisen dening, kidang menjangan ton-inton.

– 17 –

Ika padha angkohe anglindih ratu, malesa poli den buroni, Mundhingkawati duk mau, amburu manjangan dari, saiki gagantos buron.

– 18 –

Ya sang Kidang Panawungan sabala ngratu, ing Pakuwan kulon nenggih, Prayangan kang dipun gelung, malah wus putra anami, Kidang Pananjung gadhang wong.

– 19 –

Dupi sangsam gumlunggung sabalanipun, angrat sakukubaning, Pajajaran kuwu, Pakuwan brang wetan nenggih, kang den wingkis kang den enggo.

– 20 –

Pajajaran kilen wetan wus den aku, ing Kidang Sampati, kulon sang Kidang Panawung, wetan Manjangan Kumliking, manjangan ya la wus miyos.

– 21 –

Putra Manjangan Gumaringsing namanipun, ya iku kang gadhang jalmi, pramila ing waktu iku, kidang manjangan kadhasir, sarasmi kalawan wong.

– 22 –

Sabab asal-usul Inggaiyang wau, Kidang Panawungan sami, akir dalanjal malulut, yen manjangan iku dening, sing Galunggung dhemen ing wong.

– 23 –

Lan yen monyet Cogowang iya ikut, ilok dhemen maring jalmi, sabab asal-usulipun, sing Lutungkasarung dhingin, margane kadi mangkono.

– 24 –

Waktu iku Pajajaran kaslangipun, ing ratu sato sambawi, ya sijar salaminipun, Silirum sing maksih alit, maksih dadi budhak kangon.

– 25 –

Ala walatra bocah anerus tunjung, lami-lami ika nuli, ana kawenganing pulung, putra menak Sindhangkasih, nyi Rara Sigir pan jatos.

– 26 –

Masakaken ing budhak si Silirum, ingimponi den karseni, denedusi timbul pulung, ya si wantu tedhakaning, andana wirya gung katon.

– 27 –

Gilang-gilang marenenge tejanepun, komarane anelehi, mangga ngucapa sang ayu, Rara Sigir genya ngapti, aja na liyaning jodho.

– 28 –

Dadya Jaka Silirum ing jidhonisun, mungga kadulura dening, panadyane atinisun, mangkana ing duk pamikir, sawiji kalawan jodho.

PUPUH XLIII

D U R M A

– 01 –

Waktu iku nuli ana ing bancana, wau cicipaning, dalem Palimanan, karsa angiwat-iwat, Sigir Panjaling ingkang den prih, adan sakala, iku nyamber sang putri.

– 02 –

Putri Sigir sinamber tan kena inadha, enggal dipun tulungi, dening Siliganda, kalampah sira pancas, buto roro den kembari, kinarya sepak, padha buta kagulinting.

– 03 –

Malah katon ing wong Sindhangkasih sadaya, Silirum asakti, anyana punika, dudu bandra-bandrakan, duga buta kalih neki, larut asirna, wau den sanjatani.

– 04 –

Dadi mundahak katarimahe ing kana, dening wong Sindhangkasih, pareng lawas-lawas, Siliwangi teka karsa, ing manjangan seja wani, pinenging aja, dening si Rara Sigir.

– 05 –

Aja sira ngulati gawe angangkah, isun melang ing ati, bok ora kawagang, sunrungu ika sangsam, kaliwat ing saktineki, kaduga ngebat, aken Mundhingkawati.

– 06 –

Jaka Salirum wangsulane ika, ingkang sun ajab lalis, angrebat nagara, babaguse wong lanang, angulati apa maning, punika sawarga, ginawe ayu mangkin.

– 07 –

Adan mangkat Silirum anggawa panah, tan arsi dipun iring, kali wayangan, sudira ngundi lawan, panantang baya ngenani, sampun anjujag, pra kuwu kang den ancik.

– 08 –

Dyan Manjangan Gumulung wus dadya mulat, iku hebating jalmi, adan lan gagadhang, Silirum dipun tujah, tinujah kaliwat kadi, nuju wawayangan, tan dangu den walesi.

– 09 –

Ya Manjangan Gumalunggung sinabet lan panah, bugel sangsam ngemasi, adan putranira, ika ingkang nama, ya Manjangan Gumaringsing, bela ing bala, narajang bela pati.

– 10 –

Den papagaken layan sanjata wisesa, Manjangan Gumaringsing, wus kakenan panah, malesate kagawa, dupi tiba dadi jalmi, gupuh anembah, dhumateng Siliwangi.

– 11 –

Apoliye iku menak pra kuwu ika, maring daleme malih, sagenah sayasa nipun kang mula-mula, lamine sawelas warsi, kosonging praja, tembe saiki pulih.

– 12 –

Duka yuswaning sawelas warsa, Siliganda wus bisa ngrebut puri, lan ika manjangan, Gumaringsing kumawula, ingapura den wenehi, cacangkok pisan ing Galunggung pan nagari.

– 13 –

Jaka Siliganda angulon ika, jujug prayangan ngancik, Kidang Panawangsa, duk ningali kolebat, ing jalmi amburu aglis, ing Siliganda, adan pinapag aglis.

– 14 –

Dipun sabet lan panah tugel sang kidang, Panawangsa ngemasi, adan ingkang putra, seja bela ing rama, Kidang Panjing prepeki, maring sang Ganda, kidang den panah aglis.

– 15 –

Amalesat Kidang Pananjung atiba, sira dadi jalmi, tumuli anembah, dhumateng Siligandha, la iku purwaning dadi, menak prayangan, bisa balik mulih.

– 16 –

Ing enggone alinggih lagi duk kuna, sawelas tahun angili, saiki dumadak, bisa pulih waluya, karebut ing Jaka Sili, riku kang kidang, Pananjung ika aksami.

– 17 –

Den apura pan sinung cacangkok sisan, ing Panawungan perni, wus apulih karta, ing rat Pajajaran, Siliwangi kang ngimponi, ing Pajajaran, kang gadhang nyakrawati.

– 18 –

Baudendha wekasanira nalendra, datan antara nuli, Prabu Ciyungwanara, mantuk ing Ujungbana, maring Pajajaran malih, asuka rena dening ananulungi.

– 19 –

Kujajaka prawira nom sing dibaya, dening kaliwat sakti, arebat wipala, subagjane sun puja, dadiya susuluraning, sri Pajajaran ingkang bagawani.

– 20 –

Ya tan dangu Parwatali talibarat, gela nyawang pra sami, tedhak atur wara, peciling Mundhingkawati, babaring Tegal ara-ara Siliwangi.

– 21 –

Duk kapeleter dening Kidang Manjangan, diweg mateng kang bibit, mesat dugi babar, jabang tiba katilar, ing tegal siliwangi, dupi kang yayah, rena manjing ukir.

– 22 –

Ya sarupa lalis tilar si jabang ika, sima ingkang dilati, pareng macan linggar, jabang dipun gemes sang dening rencek kyai Borih, inggih punika delap dumadi sakti.

– 23 –

Ciyungwanara ngandika mangsa bodhoa, kinongang nundhung weri, dadine danyata, kaprabon duwe nira, ora nyelang ora nyiling, sasmata angrebat, ing pusaka pribadi.

– 24 –

Sira sanyata gintung-gingtung manira, si gintung saiki, sun istreni sira, dadya angreh Pakuwan, Prayangan pra kuwu uwis, karone tunggal, sira ingkang ngimponi.

– 25 –

Alungguhan nyakrawati Pajajaran, ingkang muji jati, ing salungguhira, tirimaa sira, dening Yang Acintamanik, ratu sajagat buwana kabeh iki.

PUPUH XLIV

LADRANG

– 01 –

Sinahuran geger peter ketug muni genya ngangkat, karajaan Siliwangi, ratu araga sukma akadang sukma.

– 02 –

Bala dewata jawata amayungi wus kaloka, kajana priya ing luwi, ora ana kaya ratu Pajajaran.

– 03 –

Sugih sanak sugih putra sugih rabi dadya merna. ngiseni Sundha nagari, kang anyar-anyar katondha saking kana.

– 04 –

Lan koncara liwat luwihing prajurit, ora ana musuhe ing buwana iki, kina wenang iku ing sakarsanira.

– 05 –

Menak pangrengku kang nama awarni-warni, Gajah Muntang, Gajah Barong Gajah tandhing, Gajah Manggala muwah Gajah Siluman.

– 06 –

Gajah Enggang Gajah Puntang Gajah Rucik, warna-warna, Katumenggungan malih, Kalangwirana Kalangbadhag Kalangbrama.

– 07 –

Kalangluhur kalawan Ki Kalangeling, Kalanglunana, Kalangtonggo Kalangsari, Kalangangkes Kalangsiyu Kalangrejang.

– 08 –

Kademangane kumerab awarni-warni, kebek ing rat, Jalana kang ngabehine, mantri gedhe mantri cilik wis anjagat.

– 09 –

Pan mangkana wadon abrakothi, kocap ingkang, ing Pakuwan nyakrawati, sugih wadon miwah sugih putra wayah.

– 10 –

Wis awindon takeran tahun amukti awibawa, tan ana durga nyantoli, pan gumelar putra wayah ya anjagat.

– 11 –

Malah istri kang purwa anggumateni timur mula, ingkang wau Sindhangkasih, dadi tulus jodhone lawan sang nata.

– 12 –

Katelah nyai Embok Agung amutrani ingkang nama, ajalera den Sangkeki, putra dalem ana ing rat Pajajaran.

– 13 –

Dupi garwa ingkang nama Panawangi apuputra, jaler ingkang apranami, Mundhingdalem paparabe putra nata.

– 14 –

Nulya iku akrama ya maring putri Tejasuka, nami Putri Pamratsari, nuli puputra kang Susunan Pandhajaya.

– 15 –

Pandhajaya iku wus mutrani maning ingkang nama, ing putra saiki negari, jaler ingkang naminipun Raden Umbang.

– 16 –

Dupi putra Nubdhingdalem sanes bibit iku lanang, Prabu Kangkangirang nenngih, nama Prabu sabupati lungguhira.

– 17 –

Duk samono akeh putra ingkang den prih lawan nana, prabu ana ing bupati, cacangkoke bupati pan dudu nata.

– 18 –

Prabu Kangkangirang ika mutrani ingkang nama, Linggaiyang anem suri, Linggaiyang puputra Sangiyang Arjuna.

– 19 –

Sangiyang Arjuna baya gung asisiwi ingkang nama, Linggalawang ing Cipamali, rang-arang acucuk prang ngamuka.

– 20 –

Dupi garwa Siliwangi ingkang nami mraja cinta, iya iku amutrani, Sangiyang Madhangrasa Medhangkamamangga.

– 21 –

Ana dene garwa Prabu Siliwangi ingkang nama, Maharaja Larang kang nitis, Kidang Pananjung ingkang saking Ratulawang.

– 22 –

Tyas iku ingkang ngawiyosi siwi ingkang nama, Siliwangi ingkang nama, Ratu Widayaka sakti, Ratu Widayaka anuli sira puputra.

– 23 –

Prabu Resik ing Rajapolah kang puri dupi garwa, Siliwangi ingkang nami, Saselawangi apuputra Sangiyang Tular.

– 24 –

Kang alinggih aneng Panembong ing puri, dupi garwa, Prabu Siliwangi maning, ingkang nama Ratna Yumanik gumilang.

– 25 –

Apuputra Yang Jampana alinggih aku ana, ing Ratulawang kang puri, ana denegarwa Prabu Siliganda.

– 26 –

Ingkang nama Dewi Pergilayaransari mulya putra, Sangiyang Wiragasakti, Yang Wiraga puputra sang Ratu Puntang.

– 27 –

Ingkang tapa aneng ing pucuking ukir made sukma, sangkane jujuluk nami, iya iku Sangiyang Bathara Larang.

– 28 –

Ratu Puntang puputra titiga nami, Pernalarang ing Raturuyuk kang puri, kapindhone Anggalarang Anem lenggah.

– 29 –

Kang adalem ya ana ing Ratuwangi, kaping tiga, sang Prabu Jayapakuwan, ing Jumajang ingkang puri, Prabu Jayapakuwan iku puputra.

– 30 –

Prabu Sendangpugeran iku kang alinggih, aneng arga Gunung Munara kang puri, angadheni Ratu Mas tuwa nini moyang.

– 31 –

Kang alingghih Kamiwelas dining puri, Yang Mas tuwa, apuputra Kidang Pati, Ukur sepuh aneng kadhipatenira.

– 32 –

Dupi Prabu Sendhangpugeran mutrani, ingkang nama, Prabu Sendhanglimun sakti, kang adalem ya aneng Sagara Erang.

– 33 –

Sendhanglimun kunuli mutrani, Prabu Sela, ing Ngabdu ing alinggih, ya ana ing timun putih puranira.

– 34 –

Sendhang Ngabdu ika apuputra malih, kang nama, Prabu Sendhang Gunung nami, kang adalem ing Gunung Gedhe kang pura.

– 35 –

Sendhang Gunung iku amutrani maning, kang anama Prabu Sendhang Jayasakti, ingkang dalem ana ing Tetegal.

– 36 –

Sendhang Kajayan nuli ika amutrani, ingkang nama, Prabu Wasipernasakti, kang adalem ing Rajapolah.

– 37 –

Prabu Wesi pareng ika amutrani, Kandhuruwan tuwilimun kang alinggih aneng Gunung Ciaya ing enggonira.

– 38 –

Kandhuruwan ika mau amutrani, sanga jalma. Mundhing Bthara kang linggih, adalem aneng Pamijahan Karang.

– 39 –

Ki Santohan Kadirun kang anjeneki desa aran, Eran-eran Ngewre nami, pernaira tapis wiring Pajajaran.

PUPUH XLV

P U C U N G

– 01 –

Lurah Bangsa punika ingkang alungguh, ana ing Pagagan, Patrabangsa lan maninge, ingkang linggih Luwimundhing dalemira.

– 02 –

Pancase la ing Palered dalemipun, santohan punika, ing Panguragan genahe, Wirakusuma ing Ciasem ingkang pernah.

– 03 –

Arya Wirantanu ing Cibalagung, Ki Wargakosala, ing Pamanukan genahe, sanga iku putrane Ki Kandhuruhan.

– 04 –

Dupi garwa Siliwangi kang wulangun, ki Wargakosala, ing Panunukan genahe, sanga iku putrane Ki Kandhuruhan.

– 05 –

Ingkang ana Sundhalarang dalemipun, Sijine kang nama, timansapura jenenge, ingkang dalem ana ing timbangan ika.

– 06 –

Wondane wau Yang Wiroga ausunu, nama ratu Demang, Bathara Sakti jenenge, nulya puputra Sangiyang Sempokwaja.

– 07 –

Sempokwaja kang agarwa putrinipun, Panji Rababuwana, amiyosi kaputrane, kang kaksih jeng Batharadinata.

– 08 –

Dupi garwa Siliwangi kang wulangun, Buniwati raras, amiyosaken putrane, jenenge Ratu Pramana punika.

– 09 –

Nulya gagarwa [iutri saking raja Galuh, sri Praman ika, anuli miyos putrane, nama Suhunan Jaratna ing Cipinaha.

– 10 –

Garwa Ratu Pramana kang nemla ika, putraning Susunan, Medalagung ingkang miyos, putra nama Susunan Raja Malaka.

– 11 –

Tyas iku dadalem ing Cangkuang pernahipun, kaloka ing rat, Dipati Cangkuang mangke, ingkang rayi istri iku namanira.

– 12 –

Kang dadalem ing Cangkuang pernahipun, kaloka ing rat, Dhipati Cangkuang mangke, ingkang rayi istri iku namanira.

– 13 –

Ratu Kawunganten rama dewa iku besuk, ingkang dados garwa, kang Susunan Jati ing Carbon, mangka Dhiputi Cangkuang iku puputra.

– 14 –

Ratu Pananten rama dewa jenengipun, jujuluking nama, kang Susunan Ranggalawe, kang dadalem ing Timbangaten nagara.

– 15 –

Dupi garwa Siliwangi kang pulangun, Rumsari ganda, iku amiyos putrane, Sangiyang Ageng kang alinggih Setularang.

– 16 –

Nulya Yang Ageng nuli amiyosi sunu, nama Sangyang Mayak, aneng Cilutung genahe, Yang Mayak puputra dalem Narasinga.

– 17 –

Ing kajaksan ing Carbon iya iku, tumuli apindha, maring Kanci dadalem, nuli puputra dalem Nayagati ing Sundha.

– 18 –

Kang dadalem ing Ngendher ingkang jujuluk, ki Dhipati Cangal, dupi kang katelah ing ngendher, Dupi garwa Siliwangi kang anama.

– 19 –

Rara Siluman miyosi putra pipitu, abangsa lelembut, ki Sangulara namane, iya iku kang limunan ing Tunjungbang.

– 20 –

Ki Dhiriwengi ing Ragan manggene lungguh, ki Kuyupuk ingkang, ing Guwa Upas dhemite, ki Kamalarang ing Ngonom genya ngimba.

– 21 –

Ki Mayadewata ing Malakbok genya lungguh, ki Daluwengi ingkang, ing Guwa Sancang limute, iki lewi aneng Guwa Pajajaran.

– 22 –

Dupi garwa Siliwangi kang wulangun, Sri Intenbancana, iku miyosi putrane, pan titiga sawijine ingkang nama.

– 23 –

Mundhingsari kapindho Yang Sumur Agung, ping telu kang nama, sangyang Wirun paparabe, mau Sumur Agung nuli puputra.

– 24 –

Sangiyang Widaya anenggih ing namanipun, kang neng Sawunggantang, dupi Yang Wirun kang miyos, putra ingkang paparab Ratu Rawana.

– 25 –

Ratu Rawana iku nuli susunu, pra buwana bala, ki Wanabaya linggihe, Prabu Wanabaya nulya puputra.

– 26 –

Ingkang nama Sangiyang Ngabehi cucuk, ingkang sakapika, lan Linggawayang marmane, Linggawayang putrane Sangiyang Arjuna.

– 27 –

Duk wau Linggawayang turun-tumurun, puputra Sri Wayang, ing Citaman dadaleme, nuli Sri Wayang Nuli puputra.

– 28 –

Linggasri aneng Pangkalan tumuwu, nuli apuputra, Sangiyang Sogol ing Maleber, nuli puputra Raden Senapati Ngalaga.

– 29 –

Lan Sangyang Panengah ingkang muwah adhinipun, ingkang apranama, Yang Lebakwangi jenenge, dupi garwa Siliwangi kang anama.

– 30 –

Pandalarang ika amiyosi sunu, lilima satriya, Yang Sumur Bandhung linggihe, Sangyang topasri lan Sangyang Babak panyarang.

– 31 –

Lan Sangyang Cimara kalih Sangyang Ciagus, sakalih maneh ika, nama Raden Tetel kabeh, Raden Tetel kang sepuh nuli puputra.

– 32 –

Raden Memenang ingkang mangke tuwuh, ing Tegal Koripan, jenek ing salami-lamine, dupi garwa Lisiwangi kang anama.

– 33 –

Katurunan ing sih ingkang miyos putranipun, jalu ingkang nama, Yang Guntebuyeng jenenge, nuli puputra Prabu Layapakuwan.

– 34 –

Prabu Layapakuwan anuli susunu, Prabu Rangsangjiwa, Rangsangjiwa nuli miyos, putra lanang sang Dhipati Kartamana.

– 35 –

Kartamana lilima ing putrinipun, iku Gedhengrungkang, Tumenggung Suradarmane, Tumenggung Sedhangrungkang lan Tumenggung Cikakak.

– 36 –

Kalih Ki Kartamnggala iya iku, dupi Ki Gedhengrungka, apuputra ing name, Dhipati Manggala nuli puputra.

– 37 –

Ingkang nama kiyai Kabul puniku, Kabul putra papat, Ki Nataraga wastane, Wangsacandra Wangsanata Wangsaprana.

– 38 –

Wangdaprana apuputra Ajengawu, lan Ajengarjuna, iya tirik iya lerek, Bagus ardi Tumenggung warga dinata.

– 39 –

Kabeh iku tedhak Sundha gung-ginunggung, saking Pajajaran, kang mernah pencar-pencare, kang anjagat sawengkening Pakuwan.

PUPUH XLVI

S I N O M

– 01 –

Ki Tumenggung Suradarma, iku apuputra nyai, Emas Batulawang ika, kang aneng ardi, dupi Tumenggung Sedhangrunggi, nulya Cirawati nama, anulya puputra nami, Kyai Emas Anggawijaya puniku.

– 02 –

Dupi garwa Siliganda, Mayangkaruna kang anami puputra Guru Gantangan, kang jujuluk kang Ranggamantri, lawan Puswawangi, lan Raja Parana iku, anulya nuli puputra, Prabu ing Pakuwan adhi, lan Susunan Wanaperi ing Talaga.

– 03 –

Wanaperi apuputra, Sunan Parung ingkang nami, dupi Yang Linggapakuwan, jujuluk Maraja tunggilipun, nuli puputra punika, Mundhingjaya ing Mandhal alinggih, nuli ika sang Pandhahan.

– 04 –

Akrama aputranira, Lembualas nulya mutrani, Ki Dhipati Ukur tuwa, nuli putra papat nami, Ukur Ngoradhipati, kalawan Santohan iku, lan santohan Urureng, lan Raden Sobanumitadi, ingkang gagarwa iku maring puranira.

– 05 –

Ki Dipati Kungkang ika, nyi Gedhengkulan ika, nyi Gedhengkulan kang nami, nuli putra nyimas Kirana, lan ki Wansadhipa iki, Wangsadhipa mutrani, lilima kathahe iku, Raden Tandang kang nama, Raden Togog namaneki, Raden Danupati ing namanira.

– 06 –

Muwah Raden Wangsareja, lan Wangsadireja nami, mangkana santohan pelang, miyos puputra kakalih, Demang Gedhe puputra, tetelu ingkang anami, Raden Wirareja lan kimas Wargadipa.

– 07 –

Klawan Raden Wargayuda, nuli Raden Gedhe nami, miyos putrane sakawan, Mas boncel Mas Kariya nami, lan kang nama Raden Kacang iki, Raden Rinahon iya iku, kabeh terah Pajajaran, dupi putra Siliwangi, ingkang miyos saking ampiyan punika.

– 08 –

Kang nama Sang Deyasa, Raden Srigadhing murtrani, Sangyang Surakerta, ya iku bojakertadi, kang sawijine maning, putra ing ampiyaniku, nama sang Raja Wiwara, ing Majalakang dalemneki, kang sawijine kumaning Siliwangi putranira.

– 09 –

Nama Sunan Tambaliyang, putra istri kang anami, Ratu Gumilang akrama, putra Santohan iki, ing Gunung Licin linggih, amiyosi putra ninipun, kanjeng Susunan Madya, ing Taraju kang negari, kang sawijine maning kaputra.

– 10 –

Siliwangi ingkang medal, saking arum ganda Wayangsari, ika paparabing putra, kang Suhunan Ciptalewi, ing Kawungngora dalemneki, Ciptalewi putra tetelu, sijine ingkang nama, Rajaiyang brusbuhani, kang alinggih aneng Parakantig.

– 11 –

Lang Sngyang Rajawabana, ing Kandhangwesi kang linggih, ping telu Lokajaya, ing Cidhamar parnah neki, ingkang sawijene kumaning, putra Siliwangi iku, kang miyos saking Sri Tanduran, inggih titiga kang siwi, Gajatapa nama dalem ing Pawenang.

– 12 –

Kapindhone Ratu Kara, kang tapa ing matahari, ping telune ingkang nama, sang Bathara Resik Putih, kang tapa ngawang-ngawang gempi, Resik Putih asusunu, Ratu Dewa Gung la ika, ingkang amiyosi siwi, Ratu Guru Ajijaya namanira.

– 13 –

Anuli ika puputra, Ratu Guru Aji Putih, Susunan Kalana Ulunan, nuli ika asisiwi, Pangeran Sumedhang nami, nuli putra sakawan iku, ki Ranggacarikan nama, lan ki Ranggagedhe nami, lan ki Raden Suradiwana ya ika.

– 14 –

Lan ki Yang Tunggabuwana, ing Wedhanglarang alinggih, kapat ki Tajimalela, ing Sumedhang gene linggih, dupi garwa Siliwangi, ingkang namanira iku, Padnawati Araras, miyos kakalih kang siwi, kang sawiji ing namane punika.

– 15 –

Anggamantri namanira, lan sinine niku maning, nama Raden Sadhanglarang, Anggamantri miyos siwi, nama Sedhawati, Sedhawati puputra wau, anana Yang Medhang, Yang Medhang nuli sisiwi, ingkang nama Susunan ing Pajengan.

– 16 –

Kang linggih aneng Kuningan, ing satedhak-tedhak neki, dupi wau Sedhangrerang, Cakradewa putraneki, Caktradewa sisiwi, Sri Ngacala namanipun, ingkang krama putranira, sang Kidang Panajungan nami, Prabu Srimangka nuli puputra.

– 17 –

Ingkang nama Boros lan Ngora, kang aneng Panjalu kang puri, ki Ngora ing Rajapolah, dupi sing sabrang nenggih, Subang Karancang jenengipun, ika nyi Subang Karancang, Singapura kang negari, gih punika careming jatu Krama.

– 18 –

Kalih Ratu Pajajaran, titiga miyosi siwi, siji lanang ingkang nama, Prabu Cakrabuwanadi, panengahe istri nami, Rara Santa jenengipun, warujune lanang nama, ki Raja Sangara iki, putra titiga lan rujuk dhateng kang rama.

– 19 –

Karsane kudu miluwa, maring agamaning muslim, agamaning bosok bedha, pramilane den sengiti, dening kang rama aji, inguprak-uprak tinundhung, milane tinggal kaputran, nyimpar-nyimpar numpal keli, lami-lami karsa nyabrang maring Mekah.

PUPUH XLVII

P U CU N G

– 01 –

Rara Santang pinet garwa Mesir ratu, mila tilar bumi kana, Cakrabuwana mantuke, maring Jawi aneng Carbon dalemira.

– 02 –

Nulya krama dhateng putrane ki kuwu, nama Kantanalarang, anuli miyos putrane, ingkang nama Pangeran Carbon punika.

– 03 –

Kalih istri nyi Rakungwati ya ikut, dadya Cakrabuwana, katelah kaji namane, Abdul iman kalawan Arya Lumajang.

– 04 –

Lan kang nama Pangeran Gagak Lumayung, ngamandhing Pakuwan, manpet pajeg ing trasine, sabab dening cinandhak ing Arya Lumajang.

– 05 –

Rara Santang wis lawas ing Mesir iku, nuli wus puputra, loro lanang ing namane, Syeh Hidayatulah kalawan Syeh Nurullah.

– 06 –

Syeh Hidayatullah angajawa ikut, alingging Ardiamparan, Sunan Jati papabe, pan rinengga dening kang uwa Lumajang.

– 07 –

Dadi akeh kang manjing Islam aguru, ing wong cilik tuwis menak, barungah sadayane, Wali Jati kang katubturan akramat.

– 08 –

Dupi putra Siliwangi saking putranipun, Dhampuawang kang minangka, Kandhanghaur kaputrene, ingkang nama Balilayaran punika.

– 09 –

Putri bungsune Siliwangi iku, sang putri Layaran, masih cilik den kekentel, ingkang nama Siliwangi sebenernya.

– 10 –

Den kekentel mrana-mrene datan kantun, kocap Prabu Wanara, dan memeksa ing yogine, Siliwangi den tutur gagaib ira.

– 11 –

Den patiten sajeg ana wali iku, ilang ing guriyang, Pajajaran surem kabeh, pangaruhe ing puri tan wurung tanggal.

– 12 –

Den abecik aniti puri Sigintung, ya isun wis ana, kang mapag ngajal kasucen, pati nami ing dina kabeh wekasan.

– 13 –

Tan antara Ciyungwanara dadya iku, awak lutung asukupat, jalmi sing dhadha mukane, ……..anjengek alinggih roro kang asta.

– 14 –

Dupi saking wuri suku awarni buntut, nalosor nangcep ing andhap, narik maring sapta burine, pan tinarik ing buntutira priyangga.

– 15 –

Dadya sirna merad tan katingal iku, dening kang putra wayah, wusing sirna luluhure, amung kantun Prabu Siliwangi ika.

– 16 –

Mana sajen sadina roro ing kalbu, kukuwung mesum katingal, sang teja lor wetan pernahe, naban bengi sumonge padhang sumirat.

– 17 –

Ora liyan kang dadi sangsara iku, si cantang sarowangira, kang padha gama muslime, ingkang dadi sangara ing Pajajaran.

– 18 –

Adan prabu animbali patihipun, Tambisara nama, priksanen sumong ing kene, padhang sumong ya iku tejaning apa.

– 19 –

Ora pranti ana teja kaya iku, apa manusa bathara, anyala wadi katingale, den agelis padha rujagen denira.

– 20 –

Tambisara pamit nembah kesah sampun, ambakta satus prawira, angungtik kang teja tinon, nyata anang Gunung Jati pernahira.

– 21 –

Den talikah nyala wadi teja iku, pan seja den rujag, wong satus muwah patiye, ambrek sami lumpuh tan sesa ing angga.

– 22 –

Genya lumpuh sing dalu dalan enjingipun, pareng enjing suhunan, marikasa maring wong akeh, arep waras beli yen mambri ana atambah.

– 23 –

Tampanana kang sadat roro puniku, ucapen denira, tangtu waluya jasade, adan patih napal sadat sadhapurnya.

– 24 –

Padha Islam nulya waluya wong satus, tur den rampek pisan, lan suka wangsul ing nagrine, maring Sundha lir ring wus sejen agama.

– 25 –

Mung ki Patih Tambisara kinen wangsul, sarta bakta surat, saking sunan cacangkoke, wayah aji gih eyang amantu bilah.

– 26 –

Pan kang eyang sang prabu seja dumulur, maring gama Islam, ora kaya ing tedhake, Parwatali saking langit kandika aja.

– 27 –

Apa gawe idhep ing agama busuk, mung ta pusaka kita, sada lanang ngendi gone, prene kena age juputen den enggal.

– 28 –

Ya ingalap sada pinanjer ing alun-alun, apa ing Pakuwan, mangkana nulya parenge, merad lalis sakulawarganira.

– 29 –

Migerngiyang munjuk rayak-rayak gayuh, maring elor wetan, den papag adiasa srine, saking swarga kang para jawata sadaya.

– 30 –

Wusing merad lalis Prabu Siliarum, ing Pakuwan tan ana, kang kari amung bupatine, kang sapalih sapratiganing kang Islam.

– 31 –

Kaya Patih Cangkuwang wus mukmin iku, lan Dipati Kartamana, ki Dimati Ukur kolot, Islam maning ing Ciahur bupatinira.

– 32 –

Amung menak pra kuwu kang masih kupur, samerade Siliganda, Sunan Jati dereng ngertos, masih dadi satriya iku lalana.

– 33 –

Kawarnaa putri bungsuning sang prabu, Dewi Balilayaran, katilare sabab dening, balening Cangkolkencana.

PUPUH XLVIII

DHANDHANGGULA

– 01 –

Dupi nusul amburu wus kari, dadya bungsu lara-lara, karuna polos wiyanga, salantrah-lantrah mangmung, pan dumadak nulya pinanggih, lawan jaler kang nama Jaka Kabu, asal kulup Siliganda, marmanipun katulus alaki rabi, aneng jabaning kutha.

– 02 –

Jaba kutha kutha Pakuwan den apti, inggistrenan dening wong sadhomas, sinebut ing pangasrine, iku Susukan kabu, Sunan kabu ika tumuli, apuputra kang nama, Prabu Pucuk Kumun, lan istri Ratu Madhapa, Ratu Madhapa kang besuk alih alaki, maring kyan Santiwara.

– 03 –

Ya kyan Santi atitising Siliwangi, nuli ika amiyosi putra, wadon Murngali jenenge, olih laki wong agung, Bimalarang ingkang pranami, tumuli puputra, Sri Jampang pan mau, ika sang putri Madhapa, laki maring kyan Santi wus gadhah pecil, ciciptane Ajar Sukarsa.

– 04 –

Rara Wudhu ora payu laki, kang kakasih tanduran gagang, marmane iku den edol, tanduran gagang iku, ing Walanda den tuku dadi, lan bedhil titiga, dupi ika prabu, Pucuk Kumun agagarwa, Inten Kadhaton ksputren titilaring, sang Prabu Ciyungwanara.

– 05 –

Careming jodho ika mutrani, Prabu Ardikuning namanira, anuli puputra roro, Sangyang Sarepan Agung, lan Maraja Cipta kang linggoh, ing Galuh apuputra, Santohan Kolelet nuli sisiwi, kyai Gedheng utama.

– 06 –

Gedheng Utama puputra dalem Japati, nuli puputra ji Japatingora, nuli puputra ing mangke, nama ki Pati ika sisiwi, kyai Wiranegara, dupi ika mau, Maraja Cipta puputra, ya tetelu kang dhingin istri anami, Maraja Dalem Agengan.

– 07 –

Jujuluke Tanduran Ageng Asri, kapindhone nama Sangyang Pramana, Yang Dhigaluh jujuluke, kaping telune ya iku, Cipta Pramana kang linggih, aneng Kakarasuka, ya Prabu Dhigaluh, mangka mau mraja dalem agen laki, ing Susunan Batuganda.

– 08 –

Sunan Batuwangi kang ana ing Cipamancur ya ing parnah hira, ingka wali kukubane, kocap Prabu Cimacur, nuli ika mutrani nami, Dhipati Kartanata, anuli susunu, ki Kandharuwan Babakan, nuli puputra ki Wirabaya Sakti, nuli ika puputra.

– 09 –

Ki Wiraprabangsa ika nuli, apuputra Raden Walenggabala Estu, dupi Sangyang Pramana nenggih, ika nuli puputra, nama Sangyang Wirun, Arya Wirangun Yang Tunggal, iku puputra Aciputi, nuli ika puputra.

– 10 –

Kyai Ajeng nama Amongragi, nulya puputra kyai Wiranaga, Kabolotan ing pernahe, nuli ika susunu, Wiranaga kang sinare ing wewengkon Pasirnagara, nagara kawangsul, nuli ika apuputra, kyai Wiranaga mangko ika nuli, puputra Mertadinata.

– 11 –

Dupi Cipta Pramana kang niti, ing Dhigaluh ing Kakarsuka, anuli Miyos putrane, ingkang paparabipun, ki Dhipati Panahekan yakti, nuli ika puputra, nengga naminipun, Akimas Imbanegara, nuli puputra ki Gedhe ana ing, Cohaka ning Sorpura.

– 12 –

Gedhe Godhaka ika amutrani, ki Dhipati Sendhangmargalaya, tumuli puputra mangke, Raden Pati Tumurun, Miyosaken putra kang nami, Raden Wiranantaja, iku turun ratu, taliti ing Pajajaran, dadi menak pagunungan ika sami, ing satedhak-tedhak ira.

– 13 –

Ing Prayangan pra kuwu wus dadi, para Bupati tanpa nelendra, sasesa-sesane dhewek, sewang-sewangan angratu, dupi ing Carbon ika kang dadi, Sang Jati Wali Allah, kang den ratu-ratu, deng uwa Cakrabuwana, winuri-wuri ing jati ratu wali agung ingkang jumangah.

Nuwun.

T A M A T

Explore posts in the same categories: Sastra Jawa

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s


%d blogger menyukai ini: