CERITA SI KANCIL


Kancil kang apes

Nuju sawijineng esuk Kancil mlaku-mlaku ana pinggir alas karo mesam-mesem. Sajake atine seneng banget. Dhasare hawane krasa seger, angine semilir. Srengenge durung patiya panas sumare krasa anget ing awak, nambahi bungahe atine Kancil. Bab iku ndadekake kurang pangati-atine anane bebaya kang ngincim.

”Hee…Kancil, kecekel saiki kowe, Cil. Kelakon tak mangsa tenan saiki!” pambengoke Macan karo nubruk Kancil.

Kancil kaget, gugup, nuli endha mencolot ngiwa sarosane. Untung slamet, uwal saka panubruke Macan. Kancil banjur mlayu ngetog sarosane tenaga, sabanter-bantere waton bisa uwal saka pambujunge Macan. Nganti ora sempat mikir kepriye carane ngapusi Macan. Sing dipikir mung kepriye bisane slamet.

Macan tiba krengkangan, banjur tangi, ngoyak Kancil. Tenagane ditog sarosane supaya bisa nyekel Kancil urip-urip. Jalaran kebrongot atine, Kancil sing tukang ngapusi.

Untung si Kancil luwih pinter, gesit, lan lincah nganti bisa lolos saka cengkremane Macan. Kancil mlayu mlebu nggrumbul sing kebak ri bebondhotan. Kancil slamet saka pangoyake Macan.

Macan nggereng sarosane, tandha jengkel getem-getem atine, kelangan lacak. Arep nasak mlebu grumbul ora wani, wedi ri rendhet bebondhotan. Mulane mung keklinter ing sacedhake, karo sadhela-sadhela nggereng ngumukake karosane.

Ana jroning grumbul lakune Kancil ndlosor, ngati-ati banget. Aja nganti wit-witan njroning grumbul ana sing kesenggol, kareben Macan ora cubriya. Ambegane rada sesak, nahan napas sing isih krenggosan. Jantung isih dheg-dhegan ora karuan, lakune mbrangkang nurut sela-sela wit-witan sajroning grumbul ri bebondhotan. Jroning batin tansah ndedonga, slamet, slamet-slamet. Mengkono batine Kancil. Wusanane Kancil bisa metu saka jroning grumbul, wis adoh saka pinggiring alas.

Kancil unjal ambegan, rumangsa lega, noleh ngiwa noleh nengen mung bulak ngulak-ulak ambane. Kancil nuli lumaku lon-lonan lakune. Nganti sauntara lakune tanpa dirasakake ngerti-ngerti ing sangarepe ana Tlaga kang bening banyune kimplah-kimplah. Kancil mandheg karo mesem nyawang kaendahane Tlaga mau, ora krasa Kancil dadi ngulu idu. Gurunge sing garing krasa teles.

Sakwise mlayu Kancil tumuju Tlaga, ”Wadhuh ndah segere,” batine kancil sawise tekan pinggire Tlaga. Nanging Kancil ora nggrahita menawa setengahe Tlaga kang banyune bening iku sumimpun bebeya kang sawanci-wanci bisa ngincim jiwane. Durung nganti Kancil nyucup beningeng banyu Tlaga, dumadakan,…

”Hee…mati kowe Cil!” pambengoke Baya nubruk Kancil.

Kancil kaget lan gugup banjur mencolot endha, meh wae ketubruk. Kancil uwal saka panubruke Baya, banjur mlayu nggendring, Baya tiba krengkangan, lingak-linguk nggoleki Kancil. Kancil wis mlayu adoh. Baya bali nyemplung Tlaga karo nggresula, ”Sialan awas kowe Cil.”

Kancil playune ngos-ngosan, ambegane munggah mudhun, jantunge dheg-dhegan banter banget. Wusana leren sangisore wit randhualas karo ngusapi kringete sing dleweran.
Nanging durung nganti atus kringete, durung ilang kesele lan durung ajeg ambegane, dumadakan keprungu swara.

”Hee… kecekel kowe, Cil! Tukang apus-apus!” pambengoke Babi alas karo mlayu nyruduk Kancil.

Kancil kaget maneh lan gugup. Durung nganti mikir keselak disruduk Babi alas. Kancil mencolot terus mlayu klepat, endha. Babi alas nyrudhuk wit randhualas. Congore gubras getih. Thingak-thinguk nggoleki Kancil, Kancil wis rada adoh.

”Cil, mandheg Cil! Tak sruduk bedah wadhukmu!” pambengoke Babi karo mlayu ngoyak Kancil.

Kancil mlayu tunggang langgang nganggo sisa tenaga sing isih, kanggo nylametake jiwane. Kancil mlayu terus, lan terus mlayu tanpa wani tolah-toleh. Semono Babi alas uga ora gelem ngalah, ngoyak terus lan terus ngoyak tanpa rasa kesel.

Wusanane anggone ngoyak Babi alas nganti tekan sawah tegale wong-wong karang pedesan. Babi alas isih tetep mbujung Kancil. Semono Kancil ora nyerah ngana wae. Kancil tetep mbudi daya amrih bisane slamet. Nyerah ateges mati, pikire Kancil. Dheweke emoh mati sia-sia.

Nalika anggone ngoyak, Babi alas nganti tekan tegal sawahe wong tani, banjur dadi tontonan para kadang tani sing padha lagi nggarap sawah. Para among tani padha leren anggone nggarap sawah tegal mung saperlu nonton Babi alas anggone ngoyak Kancil. Playune Kancil menggak-menggok, nekak-nekuk, muser-muser, Babi alas getem-getem, kemropok lan nggondhok atine rumangsa digawek-gawekake Kancil. Ngigit-igit.

Ananging dumadakan nalika Kancil meh ngliwati dalan pinggir desa, mobile Pak Mantri Perhutani liwat banter banget.

”Awaaaaaasssss…Kancil, Pak Mantri, awas Kancil!” pambengoke para among tani meruhi playune Kancil nyedhaki mobile Pak Mantri sing saya cedhak.

”Bres…,” Kancile mencelat ketabrak mobile Pak Mantri.

Mobil mandheg. Pak Mantri mudhun saka mobil ditutake Tina putrine sing isih TK.

”Mesake Kancil, nggih Pak,” nyumurupi Kancil wis ora ambegan.

”Iya…nanging Bapak ora sengaja kok, Ndhuk,” wangsulane Pak Kandar, Bapake Tina.

”Nanging, Pak, napa niku ukumane wong duraka, nggih Pak. Ngendikane Bu Guru Kancil niku rak tukang ngapusi, nggih Pak?” pitakone Tina.

”Iya…nggon dongeng kae pancen ngono!” wangsulane Pak Kandar. Wong-wong padesaan padha ngrubung.

”Pak, Pak…tulung Kancile dibeta wangsul nggih Pak!” panjaluke Pak Kandar marang salah sijine among tani.

”Inggih Pak Mantri, matur nuwun,” wangsulane Pak Tani.

”Tina, ayo Bapak selak rapat, Kancile ben dimasak Bapake iki,” pangajake Pak Kandar karo nggandheng putrine mlebu mobil.Ora let sawentara mobil wis bablas ora katon. ***

Dongeng Kancil lan Keyong

Playune si Kancil tekan sawah ombo banget. Tanduran pari ijo royo-royo, nedeng-nedenge tandur pada meteng. Si Kancil leren anggone mlayu, thenguk-thenguk ana sapinggire kalen irigasi. Dumadakan lagi enak-enak lungguh weruh Keyong ngremet golek pangan ing njero kalen sing banyune bening.

”Yong, Keyong, kowe iki ngapa kok gremat-gremet ana kono?” pitakone Kancil.

”Aku iki mlaku luru pangan, ya saentuke,” Keyong wangsulan karo luru pangan.

”Mlaku gremet kaya ngono kok sabar tenan, aku sempelah namatke lakumu,” Kancil nyaruwe lakune Keyong sing pancen lelet.

Mesthi wae bab iku gawe runtik atine Keyong.

”Sanajan aku gremet yen wis matek aji aku bisa mlayu nggeblas, banter banget,” sumbare Keyong ora gelem kalah marang Kancil.

”Apa iya, ora ngandel aku.”

”Balapan apa piye?” Keyong kang panas atine nantang Kancil.

”Lo, kowe nantang balapan karo aku? Oke, dak layani panantangmu. Piye carane?”

”Carane, kowe mlayu ana pinggir kalen irigasi iku terus bablas nganti tekan hulu kalen irigasi iki. Dene aku mlayu ana jero banyu kalen iki ya bablas tekan hulu kalen. Saben-saben mandhega olehmu mlayu, nuli celuk-celuk aku, mesti dak wangsuli embuh ana mburimu, embuh ana ngarepmu,” clathune Keyong.

”Ya, aku setuju. Kapan diwiwiti, saiki apa mengko?”

”Aja kesusu, ngimpun kekuatan dhisik. Becike rong dina engkas wae. Diwiwiti jam wolu esuk. Stare ya ana kene iki,” pangucape Keyong.

Kancil setuju marang aturan kang digawe dening Keyong.

”Oke, setuju aku. Wis ya, Yong, aku bali dhisik nang alas.”

Sabanjure Keyong wara-wara marang kanca-kancane bab anggone nantang balapan mlayu karo kancil si sombong. Kabeh kancane kanti gethok tular dikon siaga ana jero kalen irigasi, jejer kanti jarak kurang luwih setengah meter, nganti kemput tekan hulu kalen irigasi. Sing ana liya sawah diceluk supaya mlebu ana kalen kanggo jejer nandhingi playune si Kancil. Balapan diwiwiti dina Rebo, jam wolu esuk. Yen wis kawiwitan balapan mlayu, samangsa Kancil mandheg mlayune lan celuk-celuk, Keyong sapa bae sing ana ngarepe kancil kudu mangsuli semaur.

”Aja pisan-pisan sing mburine kancil mangsuli,” kandhane Keyong marang kanca-kancane.

Sajrone rong dina iku Keyong bikut wara-wara lan mranata awake dewe-dewe urut kacang kanti jarak kurang luwih setengah meter kemput kalen irigasi.

Bareng wis tekan dina perjanjene, si Kancil teka panggonan kang kanggo star balapan mlayu.

”Yong, Keyong, kowe ana ngendi. Iki lo aku wis siap,” ujare Kancil.

”Lah, genah aku ana ngisormu ngono, kok, ya nunggu kowe,” wangsulane Keyong.

”Wis siap pa durung?” pitakone Kancil maneh.

”Wis siap. Bisa diwiwiti saiki.

”Dak abani, ya. siji, loro, telu…” Kancil menehi aba-aba.

Kancil mlayu nggeblas banter banget. Antarane jarak seket meter mandheg. Kancil banjur nyeluk Keyong. ”Yong, Keyong….” Diwangsuli Keyong kang ana ngarepe,”Hih…”

Kancil nggeblas maneh nganggo nyolot barang. Antara satus meter playune, kancil mandheg maneh. ”Yong…Keyong…” Kancil nyeluk maneh.

Wangsule Keyong sing ana ngarepe Kancil, Hih…”.

Wah kancil wiwit anyel, kok isih kalah. Banjur mlayu banter banget, antarane kurang luwih satus seket meter mandheg, nuli celuk-celuk maneh,”Yong…”. Wangsulane Keyong sing nggremet ana sangarepe Kancil,”Hih…”.

Kancil wis arep putus asa, rumangsa ora bisa ngasorake si Keyong. Mula jarak sing pungkasan sawetara kurang luwih rong atus meter, si kancil tancap gas, nggeblas mlayu sipat kuping kanthi pangajab bisa ngrasorake si Keyong. Mandheg greg ing pungkasan hulu kalen irigasi, kanthi menggeh-menggeh celuk-celuk si Keyong, Yong. Wangsulane si Keyong kang nggremet ana sangarepe si Kancil,”Hih.”

Krunggu semaure Keyong si Kancil banjur ndheprok menggeh-menggeh, meh kentekan napas saka bantere playune.

”Wis, wis, Yong, aku rumangsa ora bisa ngalahake kowe, aku kalah.”

”Mula ya Cil, mecicil, konthal-kanthil, kakehan pokil, ndregil, nyisil krambil, dak kandani ya. Wong kuwi aja sok kemlungkung, gumunggung mberung tanpa petung. Ing donya iki ana sing asipat luwih, awit sing kagungan sifat luwih mung Gusti Kang akarya Jagad gumelar, sing nitahake makhluk, kewan, thetukulan, barang sakwernane, barang kang kemelip lan kang kependhem, angkasa jembar tanpa wates lan isi sawernane lintang lan planet, tirta, aweh panggesangan kekanthen kawalan hawa kang rumesep sajroning angga pribadine dewe-dewe. Wong pinter isih ana sing ngluwihi pintere, wong bodo ya isih ana sing ngungkuli bodone, wong sugih isih ana sing ngungkuli sugihe, wong mlarat isih ana sing ngungkuli mlarate. Mula marenana anggonmu darbe watak adigang, adigung, adiguna. Kurang bejane bisa akarya sengsarane diri pribadi mungah nyangkut kulawarga. Sing becik urip ana bebrayan agung iku, pantese saling menghargai, hormat-menghormati, lung-tinulung, bantu-membantu, gotong royong rame ing gawe, sepi ing pamrih,” pituture Keyong marang Kancil.

Kancil ora bisa wangsulan, kajoba sarujuk karo pocapane Keyong.

”Ya, Yong, gawe mereme atiku, saran lan nasihatmu iku. Ayo pada sowang-sowang ngudi rahayu sajrone urip, ngupaya boga nir ing sambekala.”

Kancil banjur mlaku alon-alonan ninggalake Keyong kang isih gegremetan ana jerone kalen irigasi ngudi pangan sakecekele.

Explore posts in the same categories: Teater

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s


%d blogger menyukai ini: