SERAT CENTHINI DANUNINGRATAN


Niyatingsun amiwiti,
tumetes ing mangsi kresna,
amuji maring Hyang Manon,
ingkang asih ing akèrat,
murah gumlar ing dunña,
angganjar kawelas ayun,
angapura mring kang dosa.

Myang muji mring Kangjeng Nabi,
Rasullollah kang mustapa,
utusanira Hyang Manon,
tuhu kekasihing sukma,
ratuning pra ambiya,
myang gustining para Rusul,
ratu agung tanpa sama.

Lawan sabdaning pra wali,
sadaya anuwun berkah,
anglanggengna kekasihé,
mugi Gusti kang kuwasa,
paringa rahmat tuwan,
angungkuli para Rusul,
Jeng Nabi Panutan kita.

Sawusing muji Hyang Widi,
miwah gusti Rasullollah,
lawan para wali kabèh,
arsa medharken carita,
wartaning pra ngulama,
Srat Centhini aranipun,
mangkana ingkang carita.

Bubukaning Srat Centhini,
kang winarna ing lepiyan,
sujanma adi kinaot,
adhudhukuh Wanamarta,
wijiling wong atapa,
tuhu yèn rembesing madu,
sanyata trahing kusuma.

Milané kinarya gurit,
padhukuhan Wanamarta,
wonten èstri ayu kaot,
putrané Gusti Panurta,
ayu ulah agama,
asru bektining Hyang Agung,
peparab Ni Tambangraras.

Ni Tambangraras lara anangis,
ngungkeb-ungkeb anèng pasaréyan,
anungkemi gugulingé,
bantal teles déning luh,
kakungira kaciptèng galih,
lir angawé katingal,
kadya amumundhut,
katon sapari-polahira,
Tambangraras sansaya lara
anangis, sesambaté mlas arsa.

Nengena ing Wanamarta,
wonten kang winarna malih,
kaprajan ing Penataran,
kakandhanganing wong mukti,
bandhung sentana sugih,
kalih sanak sami jalu,
padha bagus prawira,
pratignya ulah ing ngèlmi,
ingkang sepuh awasta Kudasrenggara.

Pepak ingkang kula wangsa,
pan sadaya jalu,
kalawan èstri,
ingkang lenggah munggèng ngayun,
kang aran Ki Nuriman,
lan kadangé Ki Budiman namanipun,
putrané Ménak Padeksa,
jalu kekalih samya lim.

Budiman Nuriman linggih,
anèng sapipining lawang,
kalawan santriné roro,
andhépok pipining lawang,
angadhang wong kang medal,
déné arsa weling atur,
katuju kapasang-yogya.

Lir sinebit talinganira miyarsa,
Kudasrenggara angling,
yèn mangkono kakang,
ing lampah pakenira,
ala ragané tinampik,
ing si Panurta,
liwat amejanani.

Gagakrimang waspada ningali,
lamun sira Ki Kudasrenggara,
sanget angampet dukané,
wasana alon matur,
Gagakrimang swaranya manis,
dhuh ri Kudasrenggara,
ywa ngagangken napsu,
sanadyan poen Ki Panurta,
dèn wastani nampik ugi boya nampik,
katampan ugi ora.

Datan kawarna ing margi,
lampahé Ni Tambangraras,
ningali dhekah aramé,
kumenjyut sajroning nala,
lir winungu kang brangta,
mandheg Sang Retna-yu mangu,
karaos ing priyanira.

Yata ingkang kawarnaa,
lampahé Ni Silabrangti,
tansah anutuh sarira,
tan pegat muji mring widi,
lepas dènnya lumaris,
pringgabaya tan kaétung,
narajang wana wasa,
mung kalung paraning ati,
sun tetedha rineksa-a ing Pangéran.

Ni Centhini dipun pengiringi,
pan sinipat ing wangsit mangkana,
aywa salah tampi anggèr,
ana takèn kadyèku,
solahing wong alul ngabekti,
wonten ujar mangkana,
tan èca karungu,
lah nedha sami dinuga,
sesmitané nanging sampun kaduk tampi,
manira barkahana.

Ki Monthèl umatur aris,
kawula nuhun ing tuwan,
tansah ing salat adegé,
punika asal punapa,
kawula barkahana,
miwah reké lamun rukuk,
punika asal punapa.

Pasang tabé kawula kiyahi,
arsa tanya marang pakenira,
punika pundi wastané,
anyar manira ndulu,
sapa rané ingkang palinggih,
déning asri kawuryan,
Ki Monthèl sumahur,
aran dhekah Wanataka,
Ki Sèh Mangunarsa ya ingkang palinggih,
wahdad jejaka tuwa.

Mangkana Ni Silabrangta,
wastra tambal dèn racuti,
sapanggihé kakungira,
teka mundhak abirahi,
nahan ingkang winarni,
sudarmanira kang kantun,
ing wisma Ki Panurta,
kagagas maca kintèki,
ingkang lunga tan karuwan kang sinedya.

Warnanen wadon Warsiki,
nenun limar nèng paningrat,
dèn sesambi nyongkèt sebé,
kang kiwa anyekel kaca,
awida burat jenar,
asumping angkrèk lan menur,
pupur lembut lelamatan.

Sambat-sambat Ni Rara Warsiki,
swaranira lir sundari kapuwanan,
angrengih arum swarané,
dhuh laé awakingsun,
nora wurung amati brangti,
wadung pari upama,
niyaya wong bagus,
mendhung séta dhuh bendara,
téga temen atilar dasih kaswasih,
baya mring ngendi sira.

Malangkarsa sampun rampung,
dènya areresik srambi,
santrinira kang tumandang,
Malangkarsa anjenengi,
yata kasaru kang prapta,
Jayèngasmara lan rayi.

Gurda agung,
patra geng sami lum-alum,
iku gejawahan,
sanalika patra sami,
ayem-ayem seger paningal manira.

Sareng ndulu,
Sang Dyah lan Sang Malarsantun,
gapyuk rerangkulan,
sadaya prasami nangis,
apan sami oneng-onengan sadaya.

Lakinipun,
Sandyah Amongraga gupuh,
anungkemi pada,
padaning mrasepuh///

“By alang alang”

Explore posts in the same categories: Sastra Jawa

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s


%d blogger menyukai ini: