SERAT JANGKA TANAH JAWI


Sapraptane sang pandita, gara-gara udan angin, gumludhug swaraning arga, cleret miwah obar-abir, peteng ndhedhet nglimputi, geger sakehing lelembut, setan sami lumajar, banaspati sami ngili, ilu-ilu janggitan sami lumajar

Jim peri lan bekasakan, angungsi marang jaladri, gandarwa samya lumajar, dhemit thethekan anggendring, sadaya samya ngili, tan kuwawa panasipun, sinigeg Sang Hyang Semar, Togog nguni kekalihe martapeng Rebabu Arga.

Sang Hyang Togog Sang Hyang Semar, lami martapa ing wukir, dhedhukuh sukuning arga, Rebabu kang den dhepoki, kagyatira tan sipi, gara-gara geng saklangkung, dhemit pan kagegeran, salang tunjang rebat ngarsi, sadayanya samya ngungsi mring samodra.

Sang Hyang Semar angandika, Ki Togog wonten ing pundi (2) Demit kagegeran, gara-gara ageng prapti, gonjang-ganjing kang bumi, prakempa lan sindhung riwut, peteng dhedhet liweran, kekuwung lan obar-abir, pan gumludhug swarane kocak kang arga.

Sang Hyang Togog lon saurnya, pun kakang boten udani, mangsa borong adi Semar, wasana sigra wawarti, yen ki raka tan uning,wit karsaning Sultan Ngerum, utusan mring pandhita, Syekh Bakir ingkang wewangi, masang tumbal saking gunung tanah Jawa

Ndaweg ki raka lumampah, manggihi pandhita di utusanira njeng sultan, anenung sakehing dhemit, anuwun kang pawarti, marang sang Pandhita Ngerum, sakehe bekasakan sadaya pan samya ngili, kagegeran bubar lelembut sadaya (3)

Sanghyang Togog tur sandika, lah ndaweg adhi pinanggih, anulya sami bidhalan, tumedhak tyang kekalih ing marga, tan winarni wus prapta ing ngarsanipun, Syekh Bakir sang pandhita, waspada tyang kalih prapti, redi Tidhar dumrojog ing ngarsanira.

Syekh Bakir lon angandika, ki sanak tiyang ing pundi, manira nembe tumingal, marang pakenira kalih, sira arsa punapi, duk prapta ngarsaningsun, sanghyang Semar lon turnya, inggih tanah Jawi mriki, prelunipun kawula pinanggih tuwan.

Syekh Bakir lon angandika, sayrkti ing tanah Jawi, pan durung ana manungsa, pan isih rupa wanadri, Hyang Semar matur aris, kawula sajatosipun, ing kina makina, saderenging tuwan prapti, hamba kalih dhedhukuh Rebabu arga.

Angsal sangang ewu warsa, nunten hamba mudhun mriki, dhedhukuh ing redi Tidhar, saweg angsal sewu warsi, sataun langkungneki (4) Sang pandhita gawok ngrungu, sira iku wong apa, apa sayektine jalmi, umurira tan kaprah samine jalma. Manira durung miyarsa, wong umur saleksa warsi, nabi Adam langkung panjang, pan umure sewu warsi. Sira iku kyai blakaa marengsun, apa ta dudu jalma, dene sira angluwihi, umurira dawane kagila-gila

Yen jalmaa ora ana kang umur saleksa warsi, sang hyang Semar aturira, sayekti pulo puniki, sayekti dede jalmi, dhanyang tanah Jawa ulun, ingkang sepuh priyangga, putra Sanghyang Tunggal, nenggih kang jejuluk sang Bathara Manikmaya.

Sanghyang Semar nggih kawula, Sabdapalon inggih mami, peparab Ki Nayantaka, ratu dhanyang tanah Jawi, sejarah duk ing uni, duk babu kawa rumuhun, nglunturken kamanira, binuwang pinupu dajil (5) Pan pinuja nurunken kang para dewa,

Sarupane para dewa, nggih punika turun mami, sarupane kabeh dhanyang ing sabrang lan tanah Jawi. Jim prayangan lan peri miwah sagung kang lelembut, inggih turun kawula, tumeksa kang wingit-wingit, ilu-ilu janggitan turun kawula.

Dene kang Togog punika, tetesing peksi sendari, sun cipta pan dadi jalma, pan dados kanthi mami. Mila kawula mriki, manggihi marang sang wiku, arsa taken wak ingwang, dhumateng paduka ugi, wit punapa sang pandhita karya rusak.

Sadaya nak putuningwang, sadaya pan sami ngili, pan kenging tenung paduka, punapa dosanireki, bubar ngungsi jaladri, sagunging para lelembut, sang pandhita lon ngucap, manira iki sadermi, pan dinuta Njeng Sultan Ngerum Nagara.

Iya kinen ngisenana (6) jalma marang pulo Jawi, dimen padha gaga sawah, ambukak sakeh wanadri,ingkang sun gawa mriki, jalma saking Keling iku, kehe rong leksa somah, wus karsanira hyang Widdhi, nora kena yen sira memalangana

Sang Hyang Semar aturira, sokur jumurung wak mami, yen karsanira njeng Sultan ing Ngerum, sri narapati kang dhawuh angiseni, jalma ing pulo Jawa iku, kinen ambabatana, nging kawula suwun sang yogi, binerata tenung kang ngrusak jim setan

Syekh Bakir lon angandika, iya kaki sun jarahi, karsane sang Murbeng Jagad, lelakone tanah Jawi, mung winatesan benjing rongewu lan satus taun, iku pan nuli sirna, wiwit saking taun iki, satus tahun durung ana ratunira.

(7) Jalma durung duwe tata, wong iku pan kadya peksi, yen wus jangkep satus warsa, seket siji langkung neki, Hyang Suksma karya aji, aja sira ngemong iku, sira maliha dewa, satus taun lamineki, sasirnane pangeran nitahken raja.

Negara Galuh punika, seket taun lamineki, sirnane Galuh nagara, nuli ana ratu malih, nagri Sindula aji, umure suwidak warsi, nuli ana narendra, Medangkamulan nagari, ratu iku saking sabrang angejawa

Sangking Mekkah wijilira, Ajisaka kang wewangi, kang jumeneng ratu Medangkamulan inggih, nagari satus warsa laminira, tuhu sekti pinunjul, kagodha ing iblis laknat, nenggih malaekat Dajil

(8) Nulya satus taun sirna, pana Hyang Suksma anitah ratu malih, jejuluk Sri Mahapunggung, patih sang Jugulmudha, angadhaton ing sukuning Gunung Lawu, karta-karti sang negara, jejeg adil ing nagari

Satus taun nulya sirna, Gusti Allah anitah ratu malih, Koripan kadatonipun, satus taun laminya, turun telu sirnane karatonipun, nulya karsaning Pangeran, anitah Narendra malih.

Kang tinitah dadi raja, kutanira Jenggala lan Kedhiri, Ngurawan lan Singasantun, iku sira emonga, ngawulaa mring titis Bathara Wisnu, sira angalihaa aran, juluk ki Prasanta kaki ,

dene si Togog punika, angaliha si Jodeh Santa benjing, titis Batara Wisnu, aja ta sira pisah, pan jumeneng ing Janggala kuthanipun, aran Kudarawisrengga, digdaya prawireng jurit.

(9) Satus taun nuli sirna, pan Hyang Suksma anitah ratu malih, Pajajaran kutanipun, saksirnane Janggala, satus taun Pajajaran sirna iku, kongsi turun kaping tiga, rusake kalawan siwi

Iku kaki wekasingwang, pan ing kono sira awor myang dhemit, mariya amomong ratu, wus karsane Pangeran, sira tunggal anak putunira besuk, adhukuha sira benjing, ing sukuning Gunung Kendil

Poma sira angestokna, krana iku luwih sangking prayogi, dene Togog iku besuk, dhukuha las Lodaya, anglurahi sakeh dhemit alas mriku, sasirnane Pajajaran, Hyang Sukma nitah narpati

Juluk prabu Adaningrat, angedaton ana ing Majapait, satus taun laminipun, aturun kaping tiga, rusak sirna nagri Majapait iku, aprang lawan putranira Raden Patah Bintareki

(10) Ngedaton Nagara Demak, kathah sagung para wali ngejawi, saking Arab wijilipun, pan sami mulang Qur’an, ngestokaken agami Paduka Rasul, mungkasi kang jaman Budha , tegese budi mangerti

Tiyang jawi kathah nilar, gama kuna nut agama Ngarabi, kutha Demak umuripun, suwidak taun sirna, turun tiga panjenenganira ratu, nulya karsaning pangeran, anitah narendra malih

Ngedaton negara Pajang, mantunira njeng Sultan Demak nguni, mung umur salapan taun, sirnane nagri Pajang, wus pinesthi mring Gusti Kang Maha Agung, nitah malih sri narendra, Mataram sang senapati

Digdaya prawireng yuda, mandraguna ngambah teleng jaladri, ing Jawa tan na mada, Ratu iku turuning pandita agung, wong agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senapati

(11) Amengkoni tanah Jawa, wiwit iku dumugi ing Mantawis, sewu limangatus taun, sawarsa langkungira, umurira satus taun sigra gempur, aturun kaping papat, nulya karsaning Hyang Widdhi

Rusak nagara Mantaram, duk binedhah wong Medura lan Bugis, mungsuh lan Kediri iku, kaleres mantu priyangga, pan malihe wus jangkep petungipun, nulya karsaning pangeran, Nangkoda Wlanda ngejawi.

Bedhah nagri Kartasura, kang ambedhah wong Cina mangun jurit, nulya karsaning Hyang Agung, nitah malih narendra, angendaton Yogyakarta prajanipun, kang sawiji ing Surakarta, aran jaman Sengareki

Lakune wong keh pitenah, pada lali sanak kadang pribadi, akeh khiyanat laku dora, jahil panasan, lawan suda berkate bumi, kang metu wanodya ilang wirangnya, wong lanang wedi pawestri

Setan sami keh gegoda, nora kena pinilih laku kang becik (12) Jaman Sengara puniku, keh anak lali bapa, supayane sangsara ingkang tiniru, laku dur sangsaya ndadra, wong keh kapanjingan iblis

Maksiat akeh kang teka, bebendhune Pangeran andatengi, gumludug swaraning gunung Merapi udan brama, gonjang-ganjing bumi belah gunung guntur, angin deres lindhu prapta, udan awu andatengi

Baledeg ambal-ambalan, swaranira lir belahe kang bumi, sakeh wong gunung puniku, samya rusak kobongan, saya lawas kang bebendu sami agung, maksiate tanah Jawa, arang manungsa kang eling

Karepe wong murka samya, bocah cilik wis padha karem dhuwit, larang barang kang tinuku, wong tani kathah rusak, anenandur datan ana ingkang metu, sabab nagri sampun rengka, tan mikir susahing dasih.

Akeh wong kang pada jina, ora marem marang somah pribadi, (13) akeh wong kang padha nglajur, wong dora saya ndadra, kareming wong samya wadul winadul, wong temen akeh ketriwal, wong dora den anggep becik

Ilang adiling nagara, apan amung kasengsem bungah neki, alali marang Hyang Agung, bubrah sakehing tata, kabeh titah nandhang susah tan kapitung, angger sugih donya brana, nagara ywa kongsi miskin

Kang anmgampil pangawasa, apan maksih Walanda kang mbakoni, satus taun laminipun, Hyang Suksma nulya nitah, atutulung marang tanah jawa besuk, maksiat kabeh binerat, sadaya wus sirna enthing
Hyang Suksma anitah raja, duk timure lahir neng tanah Jawi, tedhake Andika Rasul, kang ibu trah Mataeam, Padelongan iya iku wijilipun, angratoni tanah Jawa, pan jumeneng Ratu Adil

(14) Ratu iku langkung mlarat, datan mawi sangu ing praptaneki, duk kineker ing Hyang Agung, tan ana jalma wikan, pan kapethuk aprang unggul tan na weruh, jumeneng sri narendra, gaib tan ana udani

Kang mungsuh pan samya rusak, ingkang wani prasamya anemasi, tumpes tapis ingkang musuh, balane mung Sirullah, sawer klabang kalajengking samya mungsuh, iku Semar wekasingwang, ngemonga Wisnu nitis

Sira sakehing lelembat, bantonana titising Wisnumurti, ana dene kuthanipun, ana alas Ketangga, pan lelembut yasakna kadatonipun, juluk Sultan Herucakra, enak atine wong cilik

Sirna wong kang mbeg durjana, kang wong jahil kabeh prasamya wiwrin, bebotoh samya katutuh, ajrih marang narendra, apan padha awekel tetanenipun, bumi pulih berkatira, murah sandhang lan rejeki

Pajege wong cilik benjang, sawah sakjung setaun mung saringgit, pancenipun sang aprabu sewu sawulanira (15) lamun langkung saking sewu datan ayun, ratu iku lumuh karta balaba asih ring dasih

Murah sandang murah pangan, pra priyayi prasamya sugih, satus taun laminipun, jumenenge sri nata, sirnanira ing kutha Ketangga iku, nuli ana ratu kembar, pernahira kuthaneki

Saloring redi Baita, ingkang siji kuthane iku benjing ana ing Madura iku, seket taun laminya, sasirnane nuli ana ratu besuk, ngedaton Waringin rebah, ya amunga seket warsi

Sasirnane Ringin Rebah, nulya ana ratu ingkang gumanti, ana dene kuthanipun, ana ing Balebaran, lawasira amung swidak taun gempur, nulya ana Srenggi prapta, angratoni tanah Jawi

Sarta sakehing wong Jawa, den usungi mring Nusa Srenggi benjing, sewu-sewu saben taun, mung tigang dasa warsa, kanjeng Sultan ing Ngerum sigra tetulung (16) Utusan mring tanah Jawa, anumpes wong Nusa Srenggi

Pirang yuta wadyabala, saking Rum layar ing tanah Jawi, anumpes wong Srenggi iku,sirna pan sampun telas, tedakira ratu ing Waringin rubuh, nuli jinunjung narendra, akutha ing Majapait

Telung puluh sanga sirna, sampun jangkep umure tanah Jawi, Gunung Sumbing nuli guntur, Mrapi mubal dahana, pan merbabu swarane apan jumlegur, gunung Tidhar mubal toya, kelem ilang Tanah Jawi……………..

SERAT JANGKA TANAH JAWI MENIKA INGKANG GADHAH BAPAK M. KARYAHARJA
DADOS BOEKBINDER ING BOEDI OETOMO SURAKARTA TAHUN 1918

By Alang Aalng Kumitir

Explore posts in the same categories: Sastra Jawa

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s


%d blogger menyukai ini: