SERAT KIDUNGAN


Kidungan punika serat kina pralambangipun ngelmu Islam ingkang sajati, tuwin minangka wawarah pamujining kawula dateng Gusti, iketanipun Kanjeng Susuhunan Kalijaga Waliyullah; kasambet iketanipun Kyai Rangga Sutrasna pujangga.

Babon asli saking kagungan dalem
Gusti Kanjeng Ratu Pambayun
putri ing karaton dalem SURAKARTA ADININGRAT.

Tembang Dhandhanggula


… 01 …

Ono kidung rumekso ing wengi, teguh ayu luputa ing lara, luputa bilai kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunaning wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana mgarah mring mami, guno duduk pan sirno.

… 02 …

Sakehing lara pan samya bali, sakeh ngama pan sami miruda, welas asih pandulune, sakehing braja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakehing wisa tawa, sato galak tutut, kayu aeng lemah sangar, songing landk guwane wong lemah miring, myang pakiponing merak.

… 03 …

Pangupakaning warak sakalir, nadjan arca myang sagara asat, temahan rahayu kabeh, apan sarira ayu, ingideran kang widadari, rineksa malaekat, sakatahing Rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam utekku Bagenda Esis, pangucapku ya Musa.

… 04 …

Napasku Nabi Ngisa linuwih, Nabi Yakub pamiyarsa ningwang, Yusup ing rupaku mangke, Nabi Dawud swaraku, Njeng Suleman kasekten mami, Nabi Ibrahim nyaw, Edris, ing rabutku, Bagenda Ali kulit ingwang, getih daging Abu Bakar Ngumar singgih, balung Bagenda Ngusman.

… 05 …

Sungsum ingsun Patimah linuwih, Siti aminah bajuning angga, ayub ing ususku mangke, Nabi Nuh ing jejantung, Nabi Yunus ing otot mami, netraku ya Muhammad, pamuluku Rasul, pinayungan Adam sarak, sampun pepak sakatahing para Nabi, dadya sarira tunggal.

… 06 …

Wiji sawiji mulane dadi, apan pencar saisining jagad, kasamatan dening Date, kang maca kang angrungu, kang anurat kang animpeni, dadi ayuning badan, kinarya sesembur, yen winacakna ing toya, kinarya dus rara tuwa gelis laki, wong edan nuli waras.

… 07 …

Lamun ana wong kadenda kaki, wong kabonda wong kabotan utang, yogya wacanen den age, nalika tengah dalu, ping sawelas wacanen singgih, kang luwar ingkang kabanda, kang kadenda wurung, aglis nuli sinauran, mring Hyang Suksma ingkang utang iku singgih, kang agring nuli waras.

… 08 …

Lamun arsa tulus nandur pari, puwasaha sawengi sadina, iderana galengane, wacanen kidung iku, sakeh ngama sami abali, yen sira lunga perang, wateken ing sekul, antuka tigang pulukan, mungsuhira rep-sirep tan ana wani, rahayu ing payudan.

… 09 …

Sing sapa reke bisa nglakoni, amutiha lawan anawaha, patang puluh dina bae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukuring ati, insya allah katekan, sakarsanireku, tumrap sanak rajatira, saking sawabing ngelmu pangiket mami, duk aneng Kali-Jaga.

… 10 …

Ana kidung reke angartati, sapa weruh reke aran ingwang, duk ingsun ana ing ngare, miwah duk aneng gunung, Ki Samurta lan Ki Samurti, ngalih aran ping tiga, Arta-daya tengsun, aran ingsun duk jajaka, Ki Artati mangke aran ingsun ngalih, sapa wruh aran ingwang.

… 11 …

Sapa weruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke Arta-daya, tunggal pancer sauripe, sapa wruh ing panuju, sasat sugih pagere wesi, rineksa wong sajagad, kang angidung iku, lamun dipun apalena, kidung iku den tutug pada sawengi, adoh panggawe ala.

… 12 …

Lawan rineksa dening Hyang Widi, sakarsane tinekan dening Hyang, rineksa ing jaman kabeh, kang maca kang angrungu, kang anurat myang kang nimpeni, yen ora bisa maca, simpenana iku, temah ayu kang sarira, yen linakon dinulur sasedyaneki, lan rineksa dening Hyang.

… 13 …

Kang sinedya tinaken Hyang Widi, kang kinarsan dumadakan kena, tur siniyan Pangerane, nadyan tan weruh iku, lamun nedya muja semedi, sasaji ing sagara, dadya ngumbareku, dumadi sarira tunggal, tunggal jati swara awor ing Artati, aran Sekar Jempina.

… 14 …

Somahira ingaran Penjari, milu urip lawan milu pejah, tan pisah lawan saparane, pari purna satuhu, anir mala waluya jati, kena ing kene kana, ing wasananipun, ajejuluk Adi Suksma, cahya ening jumeneng aneng artati, anom tan kena tuwa.

… 15 …

Panunggale kawula lan Gusti, Nila-ening arane duk gesang, duk mati Nila arane, lan Suksma-ngumbareku, ing asmara Mong-raga yekti, durung darbe peparab, duk rarene iku, awayah bisa dedolan, aran Sang Hyang Jari iya Sang Artati, yeku Sang Arta-daya.

… 16 …

Dadya wisa mangkya amartani, lamun marta atemahan wisa, marma Arta-daya rane, duk lagya aneng gunung, ngalih aran Asmara-jati, wayah tumekeng tuwa, emut ibunipun, ni Panjari lunga ngetan, ki Artati nurut gigiring Merapi, anuju mring Sundara.

… 17 …
Ana pandita akarya wangsit, minda kombang angajap ing tawang, susuh angin ngendi nggone, lawan galihing kangkung, wekasan langit jaladri, isiningwuluh wungwang, lan gigiring punglu, tapaking kuntul anglayang, manuk miber uluke ngungkuli langit, kusuma njahing tawang.

… 18 …

Ngambil banyu apikulan warih, amet geni sarwi adadamar, kodok ngemuli elenge, miwah kang banyu dikum, myang dahana murub kabesmi, bumi pinetak ingkang, pawana ingkang, pawana katiyub, tanggal pisan kapurnaman, yen anenun senteg pisan anigasi, kuda ngrap ing pandengan.

… 19 …

Ana kayu apurwa sawiji, wit buwana epang keblat papat, agodong mega rumembe, apradapa kukuwung, kembang lintang salaga langit, semi andaru kilat, woh surya lan tengsu, asirat bun lawan udan, apupucak akasa bungkah pratiwi, ayode bayu bajra.

… 20 …

Wiwitane duk anemu candi, gegedongan miwah wewerangkan, sihing Hyang kabesmi kabeh, tan ana janma kang wruh, yen wruha purwane dadi, candi sagara wetan, ingobar karuhun, kajangane Sang Hyang Tunggal, sapa reke kang jumeneng mung Artati, katon tengahing tawang.

… 21 …

Gunung Agung sagara Serandil, langit ingkang amengku buwana, kawruh ana ing artine, gunung sagara umung, guntur sirna amengku bumi, ruk kang langit buwana, dadya weruh iku, mudya madyaning ngawiyat, mangasrama ing gunung agung sabumi, candi-candi sagara.

… 22 …

Gunung luhure kagiri-giri, sagara agung datanpa sama, pan sampun kawruhan reke, Arta-daya puniku, datan kena cinakreng budi, anging kang sampun prapta, angadeg tengahing jagad, wetan kulon lor kidul ngandap nyang nginggil, kapurba kawisesa.

… 23 …

Bumi sagara gunung myang kali, sagung ingkang sesining bawana, kasor ing Arta-dayane, sagara sat kang gunung, guntur sirna guwa samya nir, singa wruh Arta-daya, dadya teguh timbul, lan dadi paliyasing prang, yen lulungan kang kapapag wedi asih, sato galak suminggah.

… 24 …

Jim peri prayangan pada wedi, mendak asih sakehing durbriksa, rumeksa siyang dalane, singa anempuh lumpuh, tan tumama ing awak mami, kang nedya tan raharja, kabeh pan linebur, sakehe kang nedya ala, larut sirna kang nedya becik basuki, kang sinedya waluya.

… 25 …

Siyang dalu rineksa ing Widi, dinulur saking karseng Hyang Suksma, kaidep ing janma kabeh, aran wikuning wiku, wikan liring mudya semedi, dadi sasedyanira, mangunah linuhung, peparab Hyang Tega-lana, kang asimpen yen tuwajuh jroning ati, kalising panca baya.

… 26 …

Yen kinarya atunggu wong sakit, ejim setan datan wani ngambah, rineksa Malaekate, Nabi Wali angepung, sakeh lara pada sumingkir, ingkang sedya pitenah, marang awak ingsun, rinusak dening Pangeran, eblis lanat sato mara mara mati, tumpes tapis sadaya.

… 27 …

Ana kidung angidung ing wengi, bebaratan duk amrem winaca, Sang Hyang Guru pangadeke, lumaku Sang Hyang Ayu, alembehan Asmara-ening, ngadeg pangawak teja, kang angidung iku, yen kinarya angawula, myang lulungan gusti geting dadi asih, sato setan sumimpang.

… 28 …

Sakatahe upas tawa sami, lara roga waluya kang menggawe, duduk samya kawangsul, akawuryan sanguning pikir, ngadam makdum sadaya, datan paja ngrungu, pangucap lawan pangrasa, myang tumingal kang sedya tumekeng napi, pangreksaning Malaekat.

… 29 …

Jabrail ingkang animbangi, milanira katetepan iman, pan dadya kandel ngatine, Ngijraile puniku, kang rumeksa ing ati suci, Israpil dadi damar, madangi jro kalbu, Mikail kang asung sandang, lawan pangan tinekan ingkang kinapti, sabar lawan narima.

… 30 …

Ya hudaknjeng pamujining wengi, bale aras sesakane mulya, Kirun saka tengen nggone, Wanakirun kang tunggu, saka kiwa gadane wesi, nulak panggawe ala, satru lawan mungsuh, pangeret tengajul rijal, ander-ander kulhu balik kang linuwih, ambalik lara roga.

… 31 …

Dudur molo tengayatul kursi, lungguh neng atine surat amangam, pangeburan lara kabeh, usuk-usuk ing luhur, ingkang aran wesi ngalarik, nenggih Nabi Muhammad, kang wekasan iku, atunggu ratri lan siyang, kibedepan ing tumuwuh pada asih, tunduk mendak maring wang.

… 32 …

Satru mungsuh mundur pada wedi, pemidangan ing betal mukadas, tulak balik pangreksane, pan Nabi patang puluh, paring wahyu mring awak mami, apan Nabi wekasan, sabda Nabi Dawud, apetak Bagenda Ambyah, kinaweden belis lanat lawan ejim, tan ana wani perak.

… 33 …

Pepayune godong dukut langit, tali barat kumendung ing tawang, tinunda tan katon mangke, arajeg gunung sewu, jala sutra ing luhur mami, kabeh rumeksa, angadangi mungsuh, anulak panggawe ala, lara rago sumingkir kalangkung tebih, luput kang wisa guna.

… 34 …

Gunung sewu dadya pager mami, katon murub kang samya tumingal, sakeh lara sirna kabeh, luput ing tuju teluh, taraknyana tenung jalenggi, bubar amdyur suminggah, Sri Sedana lulut, punika sih rahmatulah, rahmat jati jumeneng wali jasmani, iya Sang Jati-mulya.

… 35 …

Ingaranan Rara Subaningsih, kang tumingal samya sih sadaya, kedep sapari polahe, keh lara sirna larut, tan tumama ing awak mami, kang sangar dadi tawa, kang geting sih lulut, saking dawuh Sipat Rahman, iya rahmat rahayu pangreksaneki, sarana nganggo metak.

… 36 …

Yen lumampah kang mulat awingwrin, singabarong kang pada rumeksa, gajah meta neng wurine, macan gembong ing ngayun, naga raja ing kanan kering, singa mulat jrih tresna, marang awak ingsun, jim setan lawan manungsa, pada kedep teluh lawan antu bumi, ajrih lumayu ngintar.

… 37 …

Yen sinempen tawa barang kalir, upas bruwang racun banjur sirna, temah kalis sabarang reh, jemparing towok putung, pan angleyang tumibeng siti, miwah saliring braja, tan tumama mring sun, cedak cupet dawa tuna, miwah sambang setan tenung pada bali, kedep wedi maring wang.

… 38 …

Ana paksi mangku bumi langit, manuk iku endah warnanira, Sagara eroh wastane, uripe manuk iku, amimbuhi ing jagad iki, warnanipun sakawan, sikile wewolu, kulite iku sarengat, getihipun tarekat ingkang sajati, ototipun kakekat.

… 39 …

Dagingipun makripat sajati, cucukipun sajatining sadad, eledan tokid wastane, ana dene kang manuk, pupusuhe supiyah nenggih, amperune amarah, mutmainah jantung, luamah waduke ika, manuk iku anyawa papat winilis, nenggih manuk punika.

… 40 …

Uninipun Jabrail singgih, socanipun punika kumala, anetra wulan srengenge, napas nurani iku, grananipun Tursina nenggih, angaub soring aras, karna kalihipun, ing gunung Arpat punika, uluwiyah ing lohkalam wastaneki, ing gunung Manik-maya.

… 41 …

Ana kidung akadang premati, among tuwuh ing kawasanira, nganakaken saciptane, kakang kawah puniku, kang rumeksa ing awak mami, anekakaken sedya, ing kawasanipun, adi ari-ari ika, kang mayungi ing laku kawasaneki, anekakken pangarah.

… 42 …

Punang getih ing raina wengi, ngrerewangi Allah kang kuwasa, andadekaken karsane, puser kawasanipun, nguyu-uyu sabawa mami, nuruti ing paneda, kawasanireku, jangkep kadang ingsun papat, kalimane pancer wus dadi sawiji, tunggal sawujud ingwang.

… 43 …

Yeku kadangingsun kang umijil, saking marga ina sareng samya, sadina awor enggone, sakawan kadang ingsun, ingkang nora umijil saking, marga ina punika, kumpule lan ingsun, dadya makdum sarpin sira, wewayangan ing Dat samya dadya kanti, saparah datan pisah.

… 44 …

Yen angidung poma den memetri, memuleya sega golong lima, takir potang wewadahe, ulam-ulamanipun, ulam tasik rawa lan kaki, ping pat iwak bangawan, mawa gantal iku, rong supit winungkus samya, apan dadya sawungkus arta saduwit, sawungkuse punika.

… 45 …

Tumpangena neng pontangnya sami, dadya limang wungkus pontang lima, sinung sekar cepakane, loro sapontangipun, kembang boreh dupa ywa lali, memetri ujubira, donganira Mahmut, poma dipun lakonana, saben dina nuju kalahiraneki, agung sawabe ika.

… 46 …

Balik lamun ora den lakoni, kadangira pan pada ngrencana, temah udrasa ciptane, sasedyanira wurung, lawan luput pangarahneki, sakarepira wigar, gagar datan antuk, saking kurang temenira, madep laku iku den awas den eling, tamat ingkang kidungan.

Tembang Sinom

… 01 …

Apuranen sun angetang, lelembut ing tanah Jawi, kang rumeksa ing nagara, para ratuning dhedhemit, agung sawahe ugi, yen apal sadayanipun, kena ginawe tulak, kinarya tunggu wong sakit, kayu aeng lemah sangar dadi tawa.

… 02 …

Kang rumiyin ing mbang wetan, Durganeluh Maospahit, lawan Raja Baureksa, iku ratuning dhedhemit, Blambangan winarni, awasta Sang Balabatu, kang rumeksa Blambangan, Buta Locaya Kediri, Prabu Yeksa kang rumeksa Giripura.

… 03 …

Sidakare ing Pacitan, Keduwang si Klentingmungil, Hendrjeksa, ing Magetan, Jenggal si Tunjungpuri, Prangmuka Surabanggi, ing Punggung si Abur-abur, Sapujagad ing Jipang, Madiyun sang Kalasekti, pan si Koreg lelembut ing Panaraga.

… 04 …

Singabarong Jagaraga, Majenang Trenggiling wesi, Macan guguh ing Grobogan, Kaljohar Singasari, Srengat si Barukuping, Balitar si Kalakatung, Buta Kroda ing Rawa, Kalangbret si Sekargambir, Carub awor kang rumeksa ing Lamongan.

… 05 …

Gurnita ing Puspalaya, Si Lengkur ing Tilamputih, si Lancuk aneng Balora, Gambiran sang sang Kaladurgi, Kedunggede Ni Jenggi, ing Batang si Klewr iku, Nglasem Kalaprahara, Sidayu si Dandangmurti, Widalangkah ing Candi kayanganira.

… 06 …

Semarang baratkatiga, Pekalongan Gunturgeni, Pemalang Ki Sembungyuda, Suwarda ing Sokawati, ing Tandes Nyai Ragil, Jayalelana ing Suruh, Buta Tringgiling Tanggal, ing Kendal si Gunting geni, Kaliwungu Gutuk-api kang rumeksa.

… 07 …

Magelang Ki Samaita, Dadung Awuk Brebes nenggih, ing Pajang Buta Salewah, Manda-manda ing Matawis, Paleret Rajeg-wesi, Kutagede Nyai Panggung, Pragota Kartasura, Carebon Setan Kaberi, Jurutaman ingkang aneng Tegallajang.

… 08 …

Genawati ing Siluman, Kemandang Waringin-putih, si Kareteg Pajajran, Sapuregol ing Batawi, waru Suli Waringin, ingkang aneng Gunung Agung, Kalekah Ngawang-awang, Parlapa ardi Merapi, Ni Taluki ingkang aneng ing Tunjungbang.

… 09 …

Setan Karetek ing Sendang, Pamasuhan Sapu Angin, Kres apada ing Rangkutan, Wandansari ing Tarisig, kang aneng Wanapeti, Malangkarsa namanipun, Sawahan Ki Sandungan, Pelabuhan Dudukwarih, Buta Tukang ingkang aneng Pelajangan.

… 10 …

Rara Amis aneng Tawang, ing Tidar si Kalasekti, Maduretna ing Sundara, Jelela ing ardi Sumbing, Ngungrungan Sidamurti, Terapa ardi Merbabu, Lirbangsan ardi Kombang, Prabu Jaka ardi Kelir, Aji Dipa ardi Kendeng kang den reksa.

… 11 …

Ing pasisir Buta Kala, Telacap Ki Kala Sekti, Kala Nadah ing Tojamas, Segaluh aran si Rendil, Banjaran Ki Wesasi, si Korok aneng Lowange, gunung Duk Geniyara, Bok Bereng Parangtaritis, Drembamoa ingkang aneng Purbalingga.

… 12 ….

Si Kreta karangbolongan, Kedung Winong Andongsari, ing Jenu si Karungkala, ing Pengging Banjaransari, Pagelan kang winarni, aran Kyai Candralatu, ardi Kendali Sada, Ketek putih kang nenggani, Buta Glemboh ing Ngayah kajanganira.

… 13 …

Rara Denok aneng Demak, si Batitit aneng Tubin, Juwal-pajal ing Talsinga, ing Tremas Kuyang nenggani, Trenggalek Ni Daruni, si Kuncung Cemarasewu, Kala-dadung Bentongan, si Asmara aneng Taji, Bagus-anom ing Kudus kayanganira.

… 14 …

Magiri si Manglar Munga, ing Gading si Puspakati, Cucuk Dandang ing Kartika, Kulawarga Tasikwedi, kali Opak winarni, Sangga Buwana ranipun, Pak Kecek Pejarakan, Cing-cing Goling Kalibening, ing Dahrama Karawelang kang rumeksa.

… 15 …

Kang aneng Warulandeyan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus Karang aneng Roban, Pasujayan Udan riris, Widanangga Dalepih, si Gadung Kedung Garunggung, kang aneng Kabareyan, Citranaya kang neggani, Ganepura ingkang aneng Majaraga.

… 16 …

Logenjang aneng Juwana, ing Rembang si Bajulbali, si Londir ing Wirasaba, Madura Buta Garigis, kang aneng ing Matesih, Jaranpanolih ranipun, si Gober Pecangakan, Danapi ing Jatisari, Abar-abir ingkang aneng Jatimalang.

… 17 …

Arya Tiron ing Lodaya, Sarpabangsa aneng Pening, Parangtandang ing Kesanga, ing Kuwu si Ondar-andir, Setan Telaga pasir, ingkang aran si Jalilung, Kala Ngadang ing Tuntang, Bancuri Kala Bancuring, kang angreksa sukuning ardi Baita.

… 18 …

Rara Dungik Randu Lawang, ing Sendang Retna Pangasih, Buta Kepala Prambanan, Bok Sampur neng ardi Wilis, Raden Galanggang Jati, aneng ardi Gajah Mungkur, si Gendruk ing Talpegat, ing Ngembel Rahaden Panji, Pager Waja Rahaden Kusumayuda.

… 19 …

Si Pentul aneng Kacangan, Pecabakan Dodol Kawit, kalangkung kasektenira, titihane jaran panolih, kalacakra payung neki, larwaja kekemulipun, pan samya rinajegan, respati rajege wesi, cametine pat-upate ula lanang.

… 20 …

Sinabetaken mangetan, ana lara teka bali, tinulak bali mangetan, mangidul panyabet neki, ana lara teka bali, tinulak bali mangidul, ngulon panyabetira, ana lara teka bali, pan tinulak bali mangandap kang lara.

… 21 …

mangalor panyabetira, ana lara teka bali, tinulak ngalor parannya, manginggil panyabet neki, ana lara teka bali, tinulak bali manduwur, mangisor panyabetnya, ana lara teka bali, pan tinulak bali mangandap kang lara.

… 22 …

Demit kang aneng Jepara, kalwan kang aneng Pati, kalangkung kasektenira, keringan samaning demit, ing Ngrema Tambaksuli, Yudapeksa ing Delanggu, si Kluntung ing Jepara, Gambir Anom aneng Pti, si Kecebung Kadilangu kang den reksa.

… 23 …

Rara Duleg ing Mancingan, Guwa Langse Raja Putri, kang rumeksa Parang Wedang, Raden Arya Jayengwesti, kabeh urut pasisir, kula warga Nyai Kidul, sampun pepak sadaya, para pramukaning demit, nungsa Jawa paugeran kang rumeksa.

… 24 …

Gantya ingkang winursita, danyang kang ngreksa nagari, jroning praja Surakarta, ingkang pinurwa ing kawi, andana pangreksaning, kang ngripta wilapa kidung, Kyai Rangga timbalan Sang Aji, kang jumeneng Paku Buwana ping gangsal.

Tembang Asmarandana

… 01 …

Kasmaran ingkang pinuji, luputa ing ila-ila, den dohna tulak sarike, ngetang sagunge lelembat, kang kerah Goplem ika, demit lit-alit sadarum, pan dede demit pra raja.

… 02 …

Setan brekasakan sami, si Goplem ditya kebayan, demit jro karaton kabeh, sawabe kinarya tengga, wong sakit budur samya, punika ingkang pakantuk, kalawan wong sakit panas.

… 03 …

Gedong upas kang nenggani, Kala Janggol singkirannya, kang ngreksa Ringin kembare, Kala Sogoksilit ika, si Biti ing Pandeyan, lawan si Gutul Pinanggul, si Angklung aneng Gapura.

… 04 …

Si Lengur Waringin kalih, Bajang Klewer ngreksa Gladag, Jim Putih ing Mesjid gede, Kyai Gotil ing Pajeksan, Plentung Mangku Bumenan, Jungkit Patihan nggenipun, Kyai Modin Bumi Natan.

… 05 …

Tambur Pagongan nggoneki, Bajang Angkrik Tepasanan, Bagus Bengkak rumeksane, ing paseban Prang Wadanan, Gutik ing Pamurakan, si Bodong Loji, nggenipun, Bagus Keret ing Plenggahan.

… 06 …

Ing Karetek Wewe Gerit, Gandor Loji cilik nggennya, Bangkrah aneng dedalane, Pak Tekik, aneng Pacinan, Angkrik ing Pasar besar, kang rumeksa aneng Panggung, Jebres wasta Ki Balentang.

… 07 …

Gus Lampor Jagalan nenggih, Ki Busik ing Wanareja, Ki Londet ing Krapyak, nggone, Balatidir ing Kentingan, Lengkrah Pucangsawitan, Ketek-ketek aneng Jurug, ing Beton si Kalanadah.

… 08 ..

Loji kebon Uwil-uwil, Tengklik Cocor Keter rannya, Mele Pakecohan nggone, Busikmelik Kaluraman, si Jrangkong ing Penjalan, Kotes Sawahan nggenipun, Buta Piti aneng Sangkrah.

… 09 …

Ing Ganggang Bletutur nenggih, Patunggon si Basahlungkrah, Sanasewu dedanyange, Bok Suwenggi wastanira, Kopraljulig Sampangan, wus tamat sasaneng tembung, pamanguning padanyangan.

… 10 …

Gantya kang pinurweng kawi, kalamun darbe atmaja, jalu estri datan pae, nggenira amrih kamulyan, aywa na kang pepeka, lela-lelanen ing kidung, kinanti kalis ing sawan.

Tembang Kinanti

… 01 …

Yen anangis lare iku, lela-lelanen lan dikir, supaya doh kang lalara, sarap sawane yen wani, saking rahmating Hyang Suksma, lan supangate Njeng Nabi.

… 02 …

Winacaha puji iku, setane lumayu nggendring, sarap sawane sumimpang, kala kalane sumingkir, cacing racak pada mendak, remi kruma pada mati.

… 03 …

Pitik tulak pitik tukung, tetulaking jabang bayi, ngedohaken cacing racak, sarap sawane sumingkir, si tukung mangungkung ngarsa, si tulak bali ing margi.

… 04 …

Si jabang bayi puniku, kekasihira Hyang Widi, rineksa ing Malaekat, den emong ing Widadari, pinayungan ing Hyang Suksma, kinebutan para Nabi.

… 05 …

Sakatahe wali kutub, ngulama lan para mukmin, samya angreksa ki jabang, mila tebih ing sasakit, sirna larane ki jabang, walagang slamet ki bayi.

… 06 …

Ana kinjeng tangis tangis mabur, mentok aneng sela ardi, myarsa tangise ki jabang, gyha prapta amarepeki, arsa nyuwuk kang lelara, ngalingi sarwi njampeni.

… 07 …

Punapa t jampinipun, godong asrah ing Hyang Widi, berambang lembahing manah, temu teminahing ati, adas uyah siring nala, mung salawat puji dikir.

… 08 …

Tegese dikir puniku, manut marang Kanjeng Nabi, Mochammad Dinil Mustapa, kalawan maknane dikir, eling mring Pangeranira, kang Agung kang Maha Suci.

… 09 …

Mangkana ta donganipun, alahuma Adam Sarpin, kaheru huwal kamolah, wajibuhu ngalaihi, warabbuhu kayatullah, cep meneng aja anangis.

…10 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng wetan tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si malang sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 11 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 12 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng kidul tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 13 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 14 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng kulon tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 15 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 16 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng elor tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 17 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 18 …

Sapa ana lungguh iku, aneng kiwa-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 19 …

Sapa ana lungguh iku, aneng tengen-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 20 …

Sapa ana lungguh iku, aneng dagan-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 21 …

Sapa ana lungguh iku, Ulon-ulon-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 22 …

Sapa kuwe mengak-minguk, apa si Bajing akikik, kinongkon si Aji-plampang, arsa mrawaseng ajurit, amburu si Kutilapas, payo burunen den aglis.

… 23 …

Tundungen dimene mumbul, sumengka ing awiyati, yen wis adoh tan katingal, sigra baliya den aglis, moluwa maling aguna, angreksa si jabang bayi.

… 24 …

Apa swarane gumludug, kadya lindu gonjang-ganjing, layak si Bledug kasanga, pada atanding kuwanin, kalawan Sapi Gumarang, payo buraken den aglis.

… 25 …

Yen wus sumengka manduwur, sira baliya tumuli, ngumpula si Aji-plampang, atunggu si jabang bayi, ingsun matak aji dipa, ingsun tuduh anggoleki.

… 26 …

Burunen celeng Demalung, tundungen dimen manginggil, yen wus ora katingalan, sira baliya den aglis, reksanen ingkang santosa, anak ingsun jabang bayi.

… 27 …

Dadiya tetulak tanggul, aja na kang sarap sawan, sumingkira ingkang tebih, kariya guna yuwana, utama bekti basuki.

… 28 …

Widada dawa kang umur, kacukupan sandang bukti, ntuk wahyu begja daulat, drajat nugrahaning Widi, cepak jatu kramanira. Oyod arondon lestari.

… 29 …

Sawengi aja na turu, adohna sakeh bilai, singkirna sakehing lara, tulak sarik samya kandih, baliya nuju wetonnya, si jabang amales becik.

… 30 …

Gantya mangke kang winuwus, nunggal anggite wong luwih, ngukarani pepujiyan, tutulaking jabang bayi, sinawang yuda-kenaka, mamrih rahayuning urip.

Tembang Pangkur

… 01 …

Singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, singa ama sing awulu, sing suku sing asirah, sing atenggak lawan kala sing abuntutut, pada sira suminggaha, muliya mring asal neki.

… 02 …

Ana kanung saka wetan, nunggang gajah telale elar singgih, kulahu barang balikul, setan lan brekasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 03 …

ANa kunang kidul sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 04 …

ANa kunang kulon sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 05 …

ANa kunang lor sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 06 …

ambalik maring awaknya, mbalik marang jasatira pribadi, mbalik karsaning Hyang Agung, tamat pasinggah setan, tulak sarap punika gantya winuwus, arane sarap den ucap, sagung kama salah sami.

… 07 …

Arane sarap kang lanang, kulhu putih kang wadon kulhu kuning, ywa wuruk sudi mring sun, ywa marang kaki jabang, sarap mangke sarap wedang sarap awu, pada sira suminggaha, muliha mring asal neki.

… 08 …

Samya geger setan wetan, anrus jagad kulon playune demit, kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, iblis setan berkasakan ajur luluh, ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.

… 09 …

Geger stan kidul samya, anrus jagad elor playune demit, kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, iblis setan berkasakan ajur luluh ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.

… 10 …

Ajiku gajah pamudya, kebo dungkul brapa rep-sirep sami, sirepa lelara iku, asuwung jantung jagad, tuting mata-mata liring manik ingsun, panahku sapu buwana, dadekna kusuma adi.

… 11 …

Tibakna mring janma lupa, eling mengko eling embenireki, salamet saumuripun, apan ingsun wus wikan, sun angadeg satengahing sagara gung, palinggihku lintang johar, ingkang ingsun-sedya dai.

… 12 …

Tan pegat pamuji mantra, pun Jaswadi putra ing Kodrat-manik, lailaha-ilalahu, Mochammad Rasulullah, salalahu ngalaihi wa salamu, wa ngalaekum salam, agantya manising puji.

Tembang Dhandhanggula

… 01 …

Sipat iman wa mantu bilahi, tegesipun pracaya ing Allah, ing Pangeran sajatine yan Pangeran kang Agung, kang akarya bumi lan langit, angganjar lawan niksa, mring manungsa sagung, langgeng tur murba misesa, Maha Suci angganjar paring rijeki, aniksa angapura.

… 02 …

Kaping kalih wa malaekati, tegesipun pracaya malaekat, anapun tegesem ingutus ing Hyang Agung, pakaryane anunulisi, marang kawulanira, kang dosa lit agung, kang karya purba wisesa, neka-neka gawena sawiji-wiji, sakehe malaekat.

… 03 …

Kaping tigane wa kutubihi, tegesipun pracaya ing kitab, kang tinurunaken kabeh, kitab Adam sapuluh, Nabi Esis seket winilis, anenggih ponang kitab, Idris telung puluh, Ibrahim sapuluh kitab, Torat Musa Dawud Jabur Ngisa Injil, kitab Kuran Mochammad.

… 04 …

Yogya sira kawruhana sami, muga-muga antuka supangat, iya iku andikane, gusti Njeng Nabi Rasul, sinung rahmat dening Hyang Widi, sing sapa ngapalena, iya janjinipun, den padakken asidekah, saben warsa sami lan wong munggah kaji, sapisan marang Mekah.

… 05 …

Lan den dohken sakehing bilai, sinung rahmat ing donnya akerat, sarta linebur dosane, lan malih sawabipun, lamun ana janma kang sakit, lan sira wacakena, ngulon-ulonipun, ngalamat ingkang alara, oleh tamba saking sabdaning Hyang Widi, lan berkahing Panutan.

… 06 …

Kawruhana kehing pra Nabi, Nabi Adam kang mangka wiwitan, Nabiyullah wekasane, katahe yen pinetung, kawan dasa langkung kalih, lah sigra estokena, sadaya den emut, luwih agung kang supangat, lemah sangar kayu aeng lebur sami, tan ana kara-kara.

… 07 …

Gantya malih murwanio amuji, Caritane nenggih wringin sungsang, punika ageng sawabe, ananging ta kalamun, winaca sru pareng nujoni, ana wanudya wawrat, iku tan pakantuk, manawa dadya jalaran anggogrogken wetengane kang nggarbini, dadya wasaneng durma.

Tembang Durma

… 01 …

Wringin sungsang wayahipun tumuruna, ngaubi awak mami, tur tinuting bala, pinacak suji kembar, pipitu jajar maripit, asri yen siyang, angker kalane wengi.

… 02 …

Duk samana akempal kumpuling rasa, netraku dadi dingin, netra ningsun emas, puputihe mutyara, ireng-ireng wesi manik, ceploking netra, waliker uda ratih.

… 03 …

Idep ingsun kekencang bang ruruwitan, alisku sarpa mandi, kiwa tengen pisan, cupakku surya kembar, kedepku pan kilat tatit, kang munggeng sirah, wesi kekenten adi.

… 04 …

Rambut kawat sinomku pamor anglayap, batuk sela cendani, kupingku salaka, pilingan ingsun gangsa, irungku wesi duaji, pasu kulewang, pipiku wesi kuning.

… 05 …

Watu item lungguhe ing janggut ingwang, untuku rajeg wesi, lidah wesi abang, aran wesi mangangkang, iduku tawa sakalir, lambeku iya, sela matangkep kalih.

… 06 …

Guluku-ningsun paron wesi galigiran, jaja wesi sadacin, pundak wesi akas, walikat wesi ambal, salangku wesi walulin, bauku denda, sikutku pukul wesi.

… 07 …

Asta criga epek-epek ingsun cakra, cakar wok jempol kalih, panuduh trisula, panunggulku musala, mamanisku supit wesi, jentikku iya, ingaran pasopati.

… 08 …

Bebokongku sela ageng kumalasa, akawet wesi gilig, ebol-ingsun karah, luput denda kang tinja, balubukan entut mami, uyuhku wedang, dakarku purasani.

… 09 …

Jembut kawat gantungaku wesi mentah, walakang wesi gapit, pupu kalataka, sungsum ingsun gagala, ototku gungane wesi, ing dalamkan, ingaran kaos wesi.

… 10 …

Sampun pepak sarira-ningsun sadaya, samya pangawak wesi, pan ratuning braja, manjing aneng sarira, tan ana braja ndatengi, dadya wiyana, ayu sarira mami.

… 11 …

Ana kidung sun-angidung bale anyar, tanpa galar asepi, ninis samun samar, patining wuluh kembang, siwur burut tanpa kancing, kayu trisula, gagarannya calimprit.

… 12 …

Sumur bandung sisirah talaga mancar, tibeng jaja ajail, dinding endas parah, ulur-ulur liweran, tatambang jaringing maling, dadal dadnya, gagulung ing gagapit.

… 13 …

Naga raja pangawasan manik kembang, kembang gubel abaji, tajem neng kandutan, udune sarwi nungsang, kurangsangan angutipil, angajak-ajak.

…………………………………………………………………………………..

Alang Alang Kumitir

Explore posts in the same categories: Sastra Jawa

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s


%d blogger menyukai ini: