SERAT REREPEN


G A M B U H

01

Barkate bumi mamprung, hardaning wong sangsaya andarung, datan kena tinatahan malah dadi ambyuk samya ambeg liwung, kadya wus karsaning Manon.ά

03

Ubale pakarti dur, sinirep ing puja ora mundur, kang pangajar pra sastraarja talak kardi, agama lebur kasingkur, ora paja dadi obor. ά

04

Rame arebut puluk, suwe-suwe saya saya ngrebut desuk, golek milik sing alane-alane abilahi, gegedug saja macungul, kang bandol saja mantongol.

05

Tyase wong saya kuwur, singa apes pepes dadya tawur, sugih miskin tyase banjur rontang-ranting, krana gumelare rukun, nanging kaya prang rerampon. ά

06

Karsaning Hyang Maha gung, kadi lagi kinarya pangugung, mring kang agung anggugu murkaning ati, marma sakeh tulak tanggul, guna bisa tanpa dados.

07

Malah muwuhi ewuh, warna-warna tuwuhing pakewuh, wahanane mung saya muwuhi sedih, saya akeh kang kapiluh, udan tangis jroning batos. ά

08

Wit durung prapteng wektu, sirna kanang jaman kala bendu, ing gendinge kang samya anladar budi, tetulung yekti tan wurung, salah kadaden sayektos.

09

Ujare para pinunjul, ingkang kena kanggo tulak tanggul, amung kudu bisa ngedem edem ati, gumolong geleng gumulungi, nglakoni karsaning Hyang Manon. ά

10

Nyenyirep hawa nepsu, amerangi kahardaning kalbu, nyantosani ing panarimaning ati, lan tumindah reh rahayu, dinasaran andap asor. ά

11

Ing kono bisa nemu, kalis saking ruharaning kalbu, kombak-kumbul aluning budi, luwar saking kala bendu, antuk aksameng Hyang Manon.

S I N O M

01

Kang jumeneng ping Dwiwelas, ilange Gupermen Walandi, sayuk sagung pra kawula, sahiyeg kapti, tumuju mring sawiji, angidep satriya luhur, angidep rajabrana, mung alam ingkang den pundi, kirdiyating tiyas cipta ngesti janma. ά

02

Satriya dibya sunyata, wartanira nunggil kardi, wecanira para kuna, ing gumuk asalireki, ginondol ing dedemit, binongkok den uwus-uwus, satemah bangkit wudar, cinolong wanara julig, pinilala kinalungan agni jenar.

03

Tan sirna malah kruraya, sang patut anggentur wening, ingampingan pra kawula, gegaman ludiro putih, ngrabaseng kang dedemit medana wanara pingul, ing kana katemahan, banda-yuda siyang ratri, long-ilongan demit prang kawula nglawan. ά

04

Demite pada ampingan, keteke pating karalip, kawula saya santosa, kang katri mungkir jaladri anut lakuning alip, kang den anut ing sang apuput, ngener para druhaka, ing siyang pantara ratri, caritanya udan sarik banjir batang.

05

Puluh-puluh kadiparan, pan wus karsaning Hyang Widi, lelakone nuswa Jawa manungsane kena sarik, bebendu gung ndatengi, tidem tandaning tumuwuh, pantoging kang cintraka, yen samya anguntal alip, ciptanira lir wiku angesti tunggal. ά

06

Rarasira den pracaya, ngadeg ing gigiring alip, beda lan kang wus santosa, ilange budaya yekti, ronge tan amratani, gagapi kapeksa luput, wartane pra sarjana, siriking paningal pasti, tataning rong lorone tetep warsita.

————————————————————————————————————————————————-
Kapethik saking Buku Serat Jangka Pandoming Agesang.
By alang alang kumitir

Explore posts in the same categories: Sastra Jawa

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s


%d blogger menyukai ini: